KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Petani kakao ing Desa Batok, Kecamatan Gemarang, Kabupaten Madiun, kudu njembarake dadane.
Merga rega komoditas perkebunan bahan bakune cokelat iki munggah-mudhun ora temtu.
Rega kakao kadar air 8-9 Rp 90 ewu per kilogram. Sawetara kadar air 25-29 regane Rp 50 ewu nganti Rp 60 ewu.
Miturut Sutini, salah siji tengkulak kakao, rega saiki mudhun dibandhingake wulan kepungkur sing isih dhuwur.
Wulan wingi, jarene, kakao garing (kadar air rendah) regane isih bisa Rp 130 ewu per kilogram.
‘’Sing teles (kadar air tinggi) Rp 85 ewu nganti Rp 90 ewu per kilogram,’’ kandhane wingi (15/5).
Sutini uga sambat produksi kakao taun iki sing suda. Jalarane tanduran kakao diserang penyakit.
Penyakite, sembunge, nyerang sawise uwoh saengga akire ngrusak wohe kakao lan ndadekake asile ora maksimal.
‘’Taun wingi sesasi bisa ngolehake 10 ton saka petani kene wae, Saiki mung limang ton,’’ jarene.
Sawetara Kepala Dinas Pertanian dan Perikanan (Disperta) Kabupaten Madiun Sumanto ora gupuh nanggepi bab iki.
Miturut dheweke, saben taun Kabupaten Madiun mesthi mlebu tiga besar produsen kakao neng Jawa Timur.
Apameneh saiki uga ana Rumah Cokelat neng Desa Bodag, Kecamatan Kare sing bisa nampa asil panene petani.
Sumanto uga ngeklem yen wis nindakake pendampingan marang para petani kakao ing Kabupaten Madiun.
Malah, jarene, saben taun wis menehi bantuan bibit kakao kanggo peremajaan utawa perluasan area tanam.
Nanging dheweke ngakoni yen perawatan kakao neng Kabupaten Madiun isih konvensional alias durung nggunakake teknologi.
Kayadene tanduran liyane, kakao uga kudu rutin dibanyoni. Nanging petani isih ngandelake banyu saka alam.
Dheweke uga negesake menawa rega kakao fluktuatif. Iki diduga sing ndadekake perawatan kurang maksimal.
‘’Mbokmenawa iki uga salah siji sing njalari produksi kakao mudhun,’’ Sumanto mungkasi katerangane. (ryu/aan)
Editor : Satmiko Supraptono