Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Upaya Nyegah Penyebaran Penyakit Menular neng Lapas Kelas I Madiun, Napi Anyar Dipreksa TB lan HIV

Anggiyan Bayu • Minggu, 19 Mei 2024 | 17:00 WIB
SKRINING: Narapidana Lapas Kelas I Madiun layaran saka Rutan Medaeng dites TB lan HIV. (LAPAS MADIUN)
SKRINING: Narapidana Lapas Kelas I Madiun layaran saka Rutan Medaeng dites TB lan HIV. (LAPAS MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Lembaga Pemasyarakatan (Lapas) Kelas I Madiun sansaya sesek.

Merga nampa 30 narapidana (napi) layaran saka Rumah Tahanan (Rutan) Medaeng, Surabaya, Kemis (16/5).

Puluhan warga binaan (wabin) kuwi langsung dipreksa kondisi kesehatane. Utamane tuberkulosis (TB) lan HIV.

Miturut Kepala Lapas Kelas I Madiun Anton Budiharta, iki kanggo ndeteksi potensi infeksi TB lan HIV napi anyar.

‘’Supaya lingkungan lapas sehat lan aman kanggo kabeh napi, utamane sing lagi mlebu,’’ kandhane wingi (17/5).

Iki uga kanggo nyegah penyebaran penyakit menular neng njero lapas. Asile pemreksaan, kabeh napi anyar negatif.

Para napi anyar uga oleh penyuluhan bab pentinge njaga kesehatan lan nyegah penyakit menular.

Ora mung kuwi, pihak lapas uga nyediakake dukungan konseling kanggo para napi sing butuh informasi.

Uga bantuan psikologis sing ana gandheng cenenge karo asil pemreksaan kesehatane.

Sawetara Kakanwil Kemenkumham Jatim Heni Yuwono uga kandha yeng pemreksaan TB lan HIV minangka bagean kanggo nyegah penyakit menular neng njero lapas.

‘’Liwat langkah proaktif iki, diare-arep bisa kacipta lingkungan sing luwih sehat lan aman kanggo kabeh warga binaan,’’ jarene. (ggi/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#hiv #lapas #medaeng #napi #madiun