Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Akeh Wong Jawa sing Isih Durung Njawa Babagan Pananggalan Jawa, Semak Sejarahe Iki

Satmiko Supraptono • Minggu, 19 Mei 2024 | 21:00 WIB
TELUNG JINIS: Gambar kalender komplet, masehi, hijriyah lan Jawa. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
TELUNG JINIS: Gambar kalender komplet, masehi, hijriyah lan Jawa. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun  – Ana jinis kelender telu sing umum ing masyarakat Indonesia nganti saiki.

Yakuwi, kalender Masehi, almanak Hijriyah lan panangggalan Jawa. Tulisan iki coba ngrembug bab pananggalan Jawa.

Pananggalan Jawa minangka gentine kalender Saka nalika jaman Hindu-Budha ing tanah Jawa sing asale saka India.

Pananggalan Jawa kaanggit dening Sultan Agung ing mangsa pamarintahane kira-kira taun 1613-1645 Masehi.

Kapethik saka laman Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat, kawitane merga sistem penanggalan Saka lan Hijriyah ana bedane.

Kalender Saka adhedhasar lakune srengenge, sawetara almanak  Hijriyah adhedhasar lakune mbulan.

Kawitane saka parayaan hari besar agama Islam sing digelar kraton nalika semana bareng karo kalender Saka.

Jalaran saka kuwi, Raja Mataram Islam Sultan Agung nganggit kalender anyar, yakuwi pananggalan Jawa.

Pananggalan anyar utawa Jawa iki minangka papadon antarane kalender Saka lan almanak Hijriyah.

Sistem kalender anyar iki dikenal minangka pananggalan Jawa utawa kalender Sultan Agungan.

Pananggalan Jawa sing digawe Sultan Agung iki uga nerusake kalender Saka sing isih mlaku.

Bedane mung ana sistem perhitungan dina sing digenti adhedhasar lakune mbulan.

Saengga wektu parayaan adat lan hari besar Islam bisa cocog karo almanak Hijriyah.

Jenenge sasi utawa wulan ing pananggalan Jawa arupa basa resepan saka jeneng sasi Hijriyah.

Kanggo nggampangake masyarakat Jawa, jeneng sing angel diucapake digenti ngganggo jeneng sing luwih umum.

Jeneng wulan ing pananggalan Jawa > Hijriyah:

Ing pananggalan Jawa, cacahe dina ing sawulan selang-seling. Yakuwi 30 dina ing wulan ganjil lan 29 dina ing wulan ganep.

Sawetara cacahe dina ing kalender Hijriyah ora ditemtokake merga adhedhasar lakune lan ndeleng langsung mbulan (rukyatul hilal).

Pananggalan Jawa uga duwe kaunikan. Kurup utawa tambahan sedina ing pananggalan kadaden saben 120 taun pisan.

Sing padha antarane pananggalan Jawa lan almanak Hijriyah ing sistem perhitungan sing digunakake.

Yakuwi, adhedhasar lakune mbulan. Pananggalan Jawa lan Hijriyah uga duwe 12 wulan ing setaun. (mg1/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#Hijriyah #kalender #jawa #madiun #islam