Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Grombolan OTK neng Kota Madiun Ngawur, Nyerang lan Ngrusak, Korbane Pitu, Iki Kronologine

Anggiyan Bayu • Senin, 20 Mei 2024 | 16:00 WIB
GAWE SUSAH: (Pj) Wali Kota Madiun Eddy Supriyanto nekani salah siji TKP pengrusakan wingi. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)
GAWE SUSAH: (Pj) Wali Kota Madiun Eddy Supriyanto nekani salah siji TKP pengrusakan wingi. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Kahanane Kota Madiun medeni lan nggegiris Minggu (19/5) padhak esuk uthuk-uthuk.  

Grombolan orang tak dikenal (OTK) nganggo pitmontor ngawur nyerang pirang-pirang warga ditemoni.

Informasine, serangan ditindakake neng pirang-pirang panggonan alias tempat kejadian perkara (TKP).

Kuwi sawise grombolan kuwi bubaran saka acara sarasehan neng salah siji kafe ing Jalan Yos Sudarso, Madiun.

Sawetara TKP penyerangan lan pengrusakan neng Jalan Yos Sudarso, Jalan Kalasan lan Jalan Puspo Warno.

Kadadeane kira-kira jam 01.30. Merga serangan sing memper klithih Jogja kuwi, remaja pitu ngalami luka-luka.

Malah, telu ing antarane dirawat neng RSUD Kota Madiun merga kena sabet senjata tajam (sajam), anteman nganti diplindhes pitmontor.

Saliyane kuwi, grombolan iki uga ngrusak warung neng Jalan Kalasan, Kelurahan Patihan, Manguharjo, Kota Madiun.

Kabeh grombolan kuwi nganggo kaos ireng lan panutup rai (masker), saengga para saksi ora bisa ngenali siji lan sijine.

Penjabat (Pj) Wali Kota Madiun Eddy Supriyanto mbesuk para korban neng rumah sakit awan wingi.

Dheweke njaluk kasus iki diusut nganti tuntas. ‘’Saiki isih dislidiki pihak kepolisian,’’ kandhane.

Dheweke meling Kota Madiun sing wis aman lan kondusif iki aja diregeti kegiatan-kegiatan sing negatip.

Saka kelompok ngendi wae, dheweke njaluk supaya nyuda kegiatan sing ngandhung mudarat.

Eddy nganggep kadadean iki nganggu kamtibmas Kota Madiun nyedhaki kegiatan sasi Sura.

‘’Kita lan forkopimda bakal mbahas strategi pengamanan supaya kadadean iki ora ana meneh,’’ katerangane.

Bab para korban sing dirawat, Eddy ngupayakake biaya pengobatan bisa di-cover BPJS Kesehatan. 

Sawetara Kapolres Madiun Kota AKBP Agus Dwi Suryanto njanjeni bakal nggoleki para pelaku sing nggawe warga ora jenjem iki.

‘’Kepolisian wis kerja. Percayakake marang kita lan dongane supaya kasus iki ndang kabukak,’’ kandhane Kapolres wingi.

Agus ngakoni kegiatan neng salah siji kafe sadurunge kadadean ora ana ijine. Iki arep dijerokake ana gandheng cenenge apa ora.

‘’Kita durung bisa ngandhakake (dugaan penyerangan terencana apa ora) saiki,’’ Kapolres mungkasi katerangane.

Salah siji korban neng Jalan Puspo Warno nyritakake nalika kadadean dheweke lagi cangkrukan karo kanca-kancane.

Ujuk-ujuk teka grombolan OTK kuwi sing nindakake  penyerangan. Korban liyane, neng Jalan Yos Sudarso dicegat neng dalan.

Untunge, sanajan kena antem heleme, dheweke isih bisa mlayu neng pos pengamanan PG Rejo Agung cedhak kono. (ggi/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#klithih #RSUD Kota Madiun #kafe #orang tak dikenal #senjata tajam #madiun #tempat kejadian perkara