Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Apes, Sopir Speedboat neng Sarangan, Magetan, Kudu Ngijoli Hapene Penumpang, Piye Critane?

Aprilita Sari • Senin, 20 Mei 2024 | 19:00 WIB
ILUSTRASI: Para wisatawan nunggang speedboat neng Telaga Sarangan, Magetan. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
ILUSTRASI: Para wisatawan nunggang speedboat neng Telaga Sarangan, Magetan. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Ana peristiwa ora ngepenakake neng objek wisata Telaga Sarangan, Kabupaten Magetan.

Kadadean kuwi ditemahi wisatawan sing lagi nunggang speedboat nalika parkir neng tlaga merga arep foto. 

Ujuk-ujuk speedboat liya nabrak saka mburi. Akibate hape merek Iphone 14 Plus sing kecemplung tlaga.

Nalika kadadean, hape kuwi dicekel driver speedboat kanggo motret penumpange. Malah, sa-driver-e melu kecemplung.      

‘’Kadadeane kira-kira jam 07.00 esuk, Minggu (19/5),’’ kandhane Kapolsek Plaosan AKP Joko Yuhono wingi. 

Miturut Joko, hape kuwi duweke Thesa Anisa Wahyudi, 27 taun, warga Desa Luworo, Kecamatan Pilangkenceng, Kabupaten Madiun.

Sawetara sopir speedboat Danang, 35 taun, warga Plaosan, Magetan, sing arep motret penumpane kuwi.

Driver speedboat sing nabrak utawa nyenggol kuwi Susanto, 56 taun, warga Plaosan, Magetan.

Kawitane Danang markir speedboat merga dijaluki tulung motret penumpange (Thesa lan kanca-kancane).

Ujuk-ujuk speedboat sing disopiri Susanto nabrak saka mburi. Sanalika Danang lan hape penumpange kecemplung tlaga.

Untunge, Danang bisa dislametake banjur diplayokake menyang RSUD dr Sayidiman Magetan, lan mung memar bokonge.

Nanging, hapene Thesa ora bisa dislametake. Ora trima, dheweke banjur lapur menyang Polsek Plaosan, Magetan.

Miturut kapolsek masalah iki wis dirampungake nganggo cara kekeluargaan bareng Paguyuban Perahu Sarangan.

‘’Pungkasane Susanto ngijoli nganggo dhuwit hapene Thesa lan nggawe surat pernyataan,’’ Joko mungkasi katerangane. (ril/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#magetan #kapolsek #wisatawan #speedboat #plaosan #telaga sarangan