Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Miris, Bocah di Bawah Umur Dadi Tersangka sing Nggawe Mercon lan Ujuk-Ujuk Mbledhos neng Ponorogo

Satmiko Supraptono • Senin, 20 Mei 2024 | 22:00 WIB
DIWATESI: Pulisi ngamanake omah suwung sing dienggo ngrakit mercon neng Desa  Blembem, Jambon, Ponorogo. (SUGENG DWI N/RADAR MADIUN)
DIWATESI: Pulisi ngamanake omah suwung sing dienggo ngrakit mercon neng Desa Blembem, Jambon, Ponorogo. (SUGENG DWI N/RADAR MADIUN)

PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Polres Ponorogo cancut taliwanda nangani kasus mercon balon udara rakitan.

Sadurunge 14 tersangka kasus mercon balon udara mbledhos nganti mangan korban jiwa Desa Muneng, Balong, wis ditetepake.

Genti remaja lima sing nggawe mercon lan mbledhos neng Desa Blembem, Jambon, ditetepake dadi tersangka.  

Miturut Kanit Pidum Satreskrim Polres Ponorogo Iptu Guling Sunaka, papat saka  lima tersangka isih di bawah umur.

Sing ndadekake ngeres, kabeh bocah kuwi sing nggawe mercon neng omah suwung ing Dusun Krajan, desa kono.

Sawetara, siji liyane Nawawi, 21 taun, sing duwe omah. ‘’Penetapan tersangka Jemuwah (17/5) sore,’’ kandhane Guling wingi (19/5).

Para tersangka bocah dijiret UU Darurat Nomor 12/1951. Nawawi dijiret Pasal 56 KUHP merga mbyantu anane tindak pidana.

Nawawi dianggep weruh, ngijini lan  menehi panggonan kanggo nggawe mercon sing arep dirakit neng balon udara tanpa awak.

Duling ngarep-arep, iki dadi wigati aja nganti ana warga ngijinake omahe kanggo nggawe balon udara lan mercon.

Pihake uga bakal ngundang Bidang Laboratorium Forensik Polda Jawa Timur kanggo mbyantu mbukak kasus iki.

Jalaran, bahan peledak sing dienggo dudu bahan kimia khusus. Diduga nganggo bahan-bahan sing lumrah bisa dituku liwat online.

‘’Dadi, kabeh bahan kuwi dituku saka toko online lan dirakit dhewe. Uga wis kopang-kaping nggawe mercon,’’ jarene. 

Kanggo kawruh, mercon kuwi rencanane arep diiberake ngganggo balon udara loro sing ditemokake ciblok neng desa kono.

Nalika diracik Selasa (14/5) bengi  kepungkur, ujuk-ujuk mbledhos. Pelaku loro luka-luka mergo kebledhosan. (gen/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#mercon #balon udara #Polres Ponorogo #ponorogo #jambon