Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Ngenes, Gegara Adu Jago Warga Magetan Kelangan Nyawa neng Ngawi, Ngene Kronologine

Satmiko Supraptono • Selasa, 21 Mei 2024 | 16:00 WIB
JERONE 80 METER: Warga nuduhake TKP jurang neng Desa Randu Songo, Gerih, Ngawi. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)
JERONE 80 METER: Warga nuduhake TKP jurang neng Desa Randu Songo, Gerih, Ngawi. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)

NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Gunawan, warga Desa Sumberdodol, Kecamatan Panekan, Kabupaten Magetan, mungkasi uripe kanthi ngenes.

Kawitan kadadeane nalika ana sabung ayam (adu jago) neng Desa Randusongo, Kecamatan Gerih, Kabupaten Ngawi.

Ana welasan wong neng kalangan adu jago iki, mbuh kuwi botoh utawa mung ndeleng, Minggu (19/5) wingi.  

Kira-kira jam 16.30, pulisi nggrebek arena judi adu jago iki. ‘’Ana suara tembakan,’’ kandhane Rokip Pustoko, 41 taun, wingi (20/5).

Warga Desa/Kecamatan Gerih, Ngawi, iki minangka salah siji wong sing ana kono. Jalaran keweden banjur mlayu nggenthirit.   

Miturut Rokip, ana pirang-pirang wong sing kecemplung jurang cedhak tempat kejadian perkara (TKP) adu jago kuwi.

Dheweke uga klebu kecemplung jurang sing jerone 80 meter kuwi. ‘’Aku slamet sawise dievakuasi warga,’’ jarene.

Sareh, 53 taun, warga kana crita yen pirang-pirang anggota pulisi ora sragam saka Polsek Geneng nggrebek judi adu jago kuwi.

Banjur menehi tembakan peringatan. Merga kaget, kabeh mlayu. ‘’Ana wong lima sing dievakuasi saka jurang,’’ tuture. 

Wong telu sing dievakuasi warga ngalami luka-luka, salah siji ing antarane luka parah.

Yakuwi Gunawan, 37 taun, saengga diplayokake menyang Puskesmas Widodaren lan dirujuk menyang RS Widodo Ngawi.

Nanging, nyawanya ora katulung. Sawetara Rokip Pustoko lan Budi Utomo, 32 taun, warga Desa/Kecamatan Gerih, luka ringan.

Kepala Desa Randusongo Edi Susilo, nambahi nalika teka neng TKP ana wong telu neng jurang lan dievakuasi warga. 

Sawetara Kapolres Ngawi AKBP Argowiyono ngeklem tindakan mbubarake judi adu jago iki wis trep karo aturan.

Kuwi dintindakakae anak buwahe merga ana lapuran saka masyarakat sing ora jenjem anane adu jago iki.

‘’Nalika pulisi teka neng lokasi, masyarakat utawa para pelaku panik, sing akire padha mlayu,’’ kandhane.

Dheweke ora selak anane korban luka lan nyawa. Nanging uga mesthekake yen ora ana tumindak kekerasan.

‘’Ana bukti visum saka dokter, sing nyatakake ora tindakan kekerasan saka anggota Polri,’’ kandhane negesi.

Miturut dheweke, bisa wae para korban utawa pelaku liyane dadi tersangka sawisi dislidiki lan ana buktine. 

Nanging, saiki pihake isih fokus mbyantu pengobatan para pelaku sing isih proses perawatan. (sae/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#magetan #rs widodo ngawi #kapolres #ngawi #sabung ayam