PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Objek wisata Pantai Taman neng Desa Hadiwarno, Ngadirojo, Pacitan, urip aras-arasen mati wegah.
Pantai Taman sing biyen nate kondhang lan reja ditekani wisatawan kuwi saiki sepi mamring.
Nalika semana, neng Pantai Taman iki ana wahana flying fox sing diklem paling dawa sa-Indonesia.
Gara-gara katerak pageblug Covid-19 lan kaanane flying fox sing diumbar rusak, ndadekake wisawatn wegah nginguk.
Miturut Suparno, petugas jaga loket mlebu Pantai Taman, cacahe pengunjung minim banget.
‘’Cacahe pengunjung ing dina Setu lan Minggu wae rata-rata kurang saka 50 wong,’’ kandhane durung suwe iki.
Malah, ing liburan Idul Fitri kepungkur, cacahe wisatawan mudhun nganti 30 persen tinimbang taun sadurunge.
Sasuwene pitung dina liburan kuwi, mung ditekani 1.959 wisatawan. Puncake, Kemis (12/4), ana 442 pelancong.
Pengunjunge sing akeh uga warga lokal. Ana sithik saka njaba daerah kaya Trenggalek, Tulungagung, lan Ponorogo.
Cacahe wisawatan isih kalah adoh dibandhingake Pantai Soge ing Desa Sidomulyo sing ditangani pemerintah desa.
Cacahe pengunjung saya mudhun iki diwiwti sawise flying fox sing nate dadi daya tarik utama wisawatan rusak.
Flying fox sing dawa banget kuwi dibangun Universitas Muhammadiyah Malang lan diresmekake September 2013 kepungkur.
Sayange, saiki wis ora bisa digunakake meneh merga kanggo ndadani lan ragate ngrumat larang banget.
‘’Butuh atusan yuta kanggo dandani, yen ditanggung paguyuban cetha ora mampu,’’ jarene Suparno.
Saiki mung wahana konservasi penyu sing diandelake. Uga isih digarap kelompok masyarakat kono minangka siji-sijine daya tarik Pantai Taman iki. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono