NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Pemerintah Kabupaten (Pemkab) Ngawi ora nglarang kegiatan study tour sing dianakake sekolah.
Mung wanti-wanti bis sing dienggo ngeterake para murid ing kegiatan study tour kudu nyata-nyata sehat walafiat.
Mula Dinas Perhubungan (Dishub) Kabupaten Ngawi wegah kacolongan. Kaya sing ditindakake Rebo (22/5) esuk wingi.
Nem bus pariwisata digiring menyang kantor dishub kono saperlu kanggo di-ramp check kondisine.
Nem bis iki ngangkut siswa kelas 3 SMPN 1 Pangkur lan SMPN 2 Kendal sing arep budal study tour menyang Jogjakarta.
Iki kanggo ngantisipasi bis-bis kuwi supaya ora ana kadaden babagan sing ora dikepinginake neng dalan.
‘’Pihak sekolah njaluk kita mesthekake kaanane bis aman,’’ kandhane Kepala Dishub Ngawi Anang Heri Prabowo.
Sadurunge, pihake wis koordinasi karo Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Ngawi, Cabang Dinas Pendidikan Jawa Timur lan pondok pesantren (ponpes).
Pihake nawani pemreksaan fisik kendaraan yen ana sekolah utawa ponpes sing arep naganake study tour utawa ziarah Wali Sanga.
Pemreksaan fisik ing antarane data taun bis ditokake lan sopir kudu wis nyekel Surat Izin Mengemudi (SIM) B1.
Uga kondisi rem lan ban. Buku kir kudu isih berlaku. Nanging kawenangane mung rekomendasi asil pangecekan.
Yen bis ora layak, pihake bakal ngrekomendasi sekolah supaya njaluk genti armada utawa sopire.
Anang negeseke, yen kalayakan bis penting banget. Iki minangka upaya antisipasi lan nyuda risiko kecelakaan ing dalan.
Bantuan pengecekan iki diarep-arep bisa padha-padha njaga kaslametane bocah-bocah sing study tour.
‘’Kabeh pihak, sekolah, biro perjalanan, lan PO kudu bisa bareng-bareng njaga kaslametan,’’ welinge. (sae/sat)
Editor : Satmiko Supraptono