Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Musim Haji: Pengunjung Masjid Sheikh Zayed Solo Mbludak, Ora Perlu Bingung Parkir, Ana sing Gratis

Satmiko Supraptono • Selasa, 28 Mei 2024 | 20:00 WIB
DAYA TARIK: Salah siji pengunjung ndeleng miniatur Masjid Sheikh Sayed ing njero masjid kono. (M IHSAN/RADAR SOLO)
DAYA TARIK: Salah siji pengunjung ndeleng miniatur Masjid Sheikh Sayed ing njero masjid kono. (M IHSAN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Mlebu musim haji taun iki, pengunjung Masjid Sheikh Zayed Solo saya akeh.

Malah diprediksi cacahe bakal luwih akeh nganti dina H perayaan Idul Adha mengko. Ditafsir bisa 30 ewu wong sedina.

Miturut Munajat, Direktur Operasional Masjid Sheikh Zayed Solo, wiwit pirang-pirang dina kepungkur wis ana paningkatan pengunjung.

Rata-rata sing teka para warga sawise ngeterake calon jemaah haji (CJH) menyang embarkasi Solo.

‘’Mulih ngeterake banjur mampir mrene, biasane rame wiwit sadurunge Duhur nganti wektu Isya,’’ kandhane durung suwe iki.

Kanggo kanyamanane pengunjung, pirang-pirang fasilitas ing Masjid Sheikh Zayed iki tansah didandani.

Ing antarane toilet lan lif ing tempat ibadah sing dibangun saka hibah raja Uni Emirat Arab (UEA) iki.

Panggonan penitipan sepatu lan sandal uga ditokake meneh. ‘’Merga wis ora mangsa udan,’’ sembunge.

Saliyane internal, pengurus masjid uga koordinasi karo Pemkot Solo kanggo nunjang kunjnengungan jemaah. 

Utamane kabutuhan papan parkir lan transportasi menyang masjid uga keamanan ing sakubenge.

Saliyane karo dishub uga koordinasi karo satpol PP kanggo nertibake pedagang kaki lima (PKL) neng akses mlebu-metu masjid.

Sawetra pihak Terminal Tipe A Tirtonadi Solo uga nyiapake papan parkir bis pengantar CJH sing arep piknik neng Kota Solo.

Biasane, sawise ngeterake CJH menyang Asrama Haji Donohudan Boyolali, banjur wisata neng Kota Solo.

‘’Kususe menyang Masjid Sheikh Zayed,’’ jarene  Pengawas Satuan Pelayanan (Wassatpel) Terminal Tipe A Tirtonadi Bandiyono.

Saka pengalaman musim haji taun kepungkur, ana lonjakan bis pariwisata (antar-jemput CJH) sing mlebu terminal.

Miturut dheweke, Terminal Tirtonadi bisa nampung  puluhan bis sedina. Yakuwi, ing wetane selter penurunan penumpang.

Pihake nyiapake 50 nganti 60 satuan ruang parkir kusus kanggo pengunjung Masjid Sheikh Zayed.

Minangka cathetan penting, parkir neng njero Terminal Tirtonadi ora ditarik biaya alias gratis.

‘’Masyarakat sing mudhun neng terminal bisa nggunakake shuttle bus saka terminal menyang masjid,’’ Bandiyono mungkasi katerangane. (atn/nik)

Editor : Satmiko Supraptono
#haji #solo #masjid #Sheikh Zayed #madiun