Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Pasien Ninggal Donya Sawise Jabut Untu, Oknum Dokter Gigi neng Ngawi Dilapurake Pulisi

Satmiko Supraptono • Selasa, 28 Mei 2024 | 23:37 WIB
ORA TRIMA: Davin nuduhake BAP lapuran dugaan malapraktik dokter gigi saka Polres Ngawi. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)
ORA TRIMA: Davin nuduhake BAP lapuran dugaan malapraktik dokter gigi saka Polres Ngawi. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)

NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun - Davin Ahmad Sofyan, warga Desa Gendingan, Kecamatan Widodaren, Kabupaten Ngawi, lapur pulisi.

Wong lanang umur 28 taun iki nglapurake oknum dokter gigi inisiale SW, sing praktek neng Desa Walikukun, Kecamatan Widodaren.

Tuduhane dugaan malapraktik nalika nangani bojone, Nira Pranita Asih, sing pungkasane ninggal donya akir April 2024.

Kawitane wong wadon umur 31 taun kuwi njabut untu (gigi bungsu) ing akir Desember 2023 kepungkur.

Nanging sawise untune dijabut dokter SW, Nira malah kena infeksi sing pungkasane nganti kelangan nyawane. 

Davin lapur menyang Satreskrim Polres Ngawi wingi (27/5). Dheweke didampingi pengacara saka Peradi Ngawi cacah papat.

‘’Laporan dugaan malapraktik miturut  pasal 359 KUHP,’’ kandhane Gembong Pramono Satya, pengacarane Davin.

Miturut Gembong, njabut gigi bungsu ora bisa ditindakake dokter gigi praktik mandiri. Iki indikasi dugaan malapraktike

Kudune, sembung Gembong, dokter gigi mandiri nglibatake ahli bedah mulut jalaran resiko operasi gigi bungsu lumayan gedhe.

Nalika kuwi, malah langsung dijabut dhewe tanpa ana rekomendasi utawa rujukan menyang rumah sakit sing ana ahli bedah mulute.

Saliyane kuwi, lapuran menyang Polres Ngawi kapeksa digawe uga merga ora ana iktikad baik saka dokter SW.

Gembong nambahi, nalika kliene konsultasi merga infeksi sawise njabut gigi bungsu malah kaya-kaya ora digape karo SW.

Nganti akire infeksi nyebar tekan saluran pernapasan ing tenggorokan lan paru-parune Nira.

Saliyane kuwi, nalika njabut untu uga ora ana surat persetujuan saka pihak kulawarga pasien.

Davin uga ora oleh ndampingi proses jabut untu sing suwene sejam ing klinik neng Desa Walikukun, Kecamatan Widodaren, kuwi.

‘’Dadi, Nalika njabut ora ana izin tertulis saka bojone (Davin). Perlu persetujuan, nanging iki ora ana,’’ Gembong mungkasi katerangane.

Kanggo kaweruh, Davin kelangan bojo salawase. Gegarane, kena infeksi sawise njabut untu neng dokter gigi SW.

Patang wulan Davin pontang-panting golekake tamba bojone ing pirang-pirang rumah sakit neng Sragen lan Solo, Jawa Tengah.

Ragat sing ora kaetung uga ditanggung bapak sing duwe anak siji iki, nganti pungkasane bojone ninggal donya. (sae/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#dokter gigi #polres ngawi #malapraktik #ngawi #widodaren