Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Aja Nganti Kajebak Macet, Simpang Joglo Solo Ditutup Total Nganti Limang Wulan Mangarep

Satmiko Supraptono • Kamis, 30 Mei 2024 | 00:00 WIB
MACET: Jalan Tentara Genie Pelajar, Solo, padhet pengendara roda loro. (M IHSAN/RADAR SOLO)
MACET: Jalan Tentara Genie Pelajar, Solo, padhet pengendara roda loro. (M IHSAN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Warga Madiun Raya sing arep lunga menyang Kota Solo utawa mung liwat aja nganti kajebak macet.     

Merga pirang-pirang ros dalan saya padhet kendaraan sawise Simpang Joglo Solo ditutup total wiwit Selasa (21/5) bengi.

Sakubenge Masjid Al Hakam nganti Jalan Tentara Genie Pelajar sing paling ruwet. Utamane ing jam mangkat lan bali nyambut gawe.

Ing Simpang Ngemplak–Simpang Viaduk Gilingan ana peningkatan volume kendaraan dibandhingake dina normal.

Semono uga ros  Jalan Letjen S Parman. Wiwit Simpang Gilingan– Proliman Balapan, utamane yen ana sepur liwat.

Nanging sing paling padhet lan dadi jalur favorit pangguna dalan yakuwi Jalan Tentara Genie Pelajar.

Merga akeh pangguna kendaraan roda loro sing golek jalur alternatif liwat dalan kampung iki.

Dampake antrian dawa kerep katon nganti tempuke Jalan Letjen Sutoyo lan Jalan Tentara Genie Pelajar.

‘’Sing paling cedhak liwat kene (saka Manahan menyang Ngemplak lan sawalike, Red),’’ kandhane Anggita Mulya, karyawan swasta ing sakubenge  Manahan, Banjarsari, Solo.

Miturut Indro, salah siji warga Jalan Tentara Genie Pelajar, dalan alternatif iki wis biasa padhet lan macet.

Dalan iki nyembungake sekubunge Jembatan Keris Gilingan lan Ngemplak utawa Jalan Letjen Sutoyo.

Apameneh yen Simpang Joglo lan Viaduk Gilingan ditutup kaya saiki lan sadurunge ing awal taun kepungkur.

Dinas Perhubungan (Dishub) Kota Solo nyathet, paling padhet antarane jam 06.30–08.00 lan jam 15.00 nganti surup.

Isuk wayahe jam mangkat kerja lan sekolah, lan sore bebarengan warga bali saka nyambut gawe.

‘’Iki dampak penutupan Simpang Joglo,’’ jarene Kasi Manajemen dan Rekayasa Lalu Lintas Dishub Kota Solo Mudo Prayitno wingenane.

Sing paling kena dampak penutupan Simpang Joglo, kaya Jalan Tentara Genie Pelajar, Jalan Sutoyo, lan Jalan Ahmad Yani.

Saliyane kuwi, uga Simpang Ngemplak, Simpang Masjid Al Hakam, lan Simpang Cengklik.

Nanging pihake wis nerjunake petugas sing uga dibantu pulisi lan linmas kanggo nangani karuwetan ing titik-titik kuwi.

Kahanan iki bakal kadaden nganti limang wulan mangarep, merga ana proyek underpass neng sakubenge Simpang Joglo. (ves/bun)

Editor : Satmiko Supraptono
#macet #solo #simpang joglo #dishub #madiun #viaduk gilingan