Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kanggo Warga Madiun Raya sing Pingin Blanja Batik Menyang Kota Solo, Panggonan Iki Bisa Ditekani

Satmiko Supraptono • Sabtu, 1 Juni 2024 | 00:00 WIB
JUJUGAN: Pasar Klewer, sentra perdagangan batik neng Kota Solo sing wis kondhang wiwit jaman biyen. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
JUJUGAN: Pasar Klewer, sentra perdagangan batik neng Kota Solo sing wis kondhang wiwit jaman biyen. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Meh saben daerah, utamane neng Jawa, duwe batik khas daerahe dhewe-dhewe.

Nanging sing patut oleh julukan Kota Batik, salah sijine ya Kota Solo (Surakarta),  Jawa Tengah. 

Saliyane sejarahe sing dawa, neng kutha iki uga akeh pembatik. Jinise uga maneka warna neng pasaran.

Wiwit batik motif  kusus sing nggawene karo metode batik tulis njlimet, batik cap, nganti pabrikan, ana.

Regane uga kari nari dompet, wiwit sing murah nganti larang ana, gumantung njlimete proses nggawene.

Kanggo warga Madiun Raya sing pingin blanja batik menyang Solo bisa nekani lan nyoba neng pirang-pirang panggonan sing wis diringkes laman Solo Balapan iki.

1. Pasar Klewer

Panggonan iki wis mesthi ora asing meneh. Merga uga kondhang dadi salah siji papan wisata blanja ing Kota Solo.

Nganti saiki Pasar Klewer panggah eksis minangka sentra perdagangan batik sing populer ing Kota Solo.

Lokasine neng Jalan Dr Radjiman, Gajahan, Kecamatan Pasar Kliwon, Kota Surakarta.

2. Benteng Trade Center (BTC)

Saliyane Pasar Klewer, BTC uga dikenal minangka salah siji sentra perdagangan batik neng Kota Solo sanajan klebu anyar.

Maneka jinis batik ana neng kene, wiwit batik biasa sing regane standar nganti sing lumayan larang.

Lokasine neng Jalan Mayor Sunaryo, Kedung Lumbu, Kecamatan Pasar Kliwon, Kota Surakarta.

3. House of Batik Danar Hadi

Salah siji toko batik sing populer neng Kota Solo yakuwi Danar Hadi. Batik neng kene luwih modern lan kekinian.

Saengga cocog kanggo nom-noman sing panggah gaul sanajan nganggo busana kain batik lokal.

Lokasine neng Jalan Dr Radjiman, Kota Surakarta. Ora adoh saka Pasar Klewer.

4. Kampung Batik Laweyan

Kampung batik iki dadi salah siji sing populer lan paling tuwa neng Kota Solo uga dadi objek wisata.

Merga neng kene, saliyane blanja batik pengunjung uga bisa sinau lan melu proses mbatik.

Lokasine neng Jalan Dr Rajiman, Laweyan, Kecamatan Laweyan, Kota Surakarta

5. Pusat Grosir Solo (PGS)

Panggonan iki uga klebu anyar ing tengah Kota Solo. Saliyane maneka jinis batik uga nyedyakake busana kekinian.

Uga ana sandal, sepatu, lan isih akeh meneh liyane. Mula pasar iki cocog kanggo blanja maneka oleh-oleh.

Lokasine  neng Lantai 2, Gladag, Jalan Mayor Sunaryo, Kedung Lumbu, Kecamatan Pasar Kliwon, Kota Surakarta. (nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #batik #madiun #pasar klewer #surakarta