JAWA Pos Radar Madiun – Akeh basa daerah neng Indonesia. Ora mung lisan nanging uga tulisan awujud maneka aksara.
Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, ana 12 aksara kuna minangka tinggalane kasusastran budaya Indonesia.
Yakuwi, aksara Jawa, Bali, Sunda, Bugis (Lontara), Rejang, Lampung, Karo, Pakpak, Simalungun, Toba, Mandailing, lan Kerinci (Rencong/ Incung).
Aksara Jawa utawa carakan sing uga karan hanacaraka isih ana nganti saiki lan diajarake ing sekolah-sekolah neng Jawa.
Carakan kacipta ora mung sawates aksara kanggo nulis pocapan lisan, nanging uga nyimpen makna sing jero.
Konon jarene, sing nyipta aksara Jawa karan Aji Saka. Nanging ana pihak sing nyebutake Aji Saka mung nyampurnakake.
Dikira-kira, aksara Jawa iki wis disampurnakake Aji Saka ing abad ka-7.
Hanacaraka asale saka aksara Dewanagari, India.
Aksara Jawa cacahe ana 20: ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la, pa, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga.
Ana pirang-pirang versi sing ngartekake urutane carakan iki. Nanging intine, manungsa wajib tansah ngabekti marang Gusti Kang Akarya Jagad.
Iki salah siji jlentrehane miturut ilmu filsafat:
- Hanacaraka tegese anane napas sing nyawijekake jiwa karo ragane manungsa.
- Datasawala artine manungsa sawise diciptakake nganti wektune diceluk (mati) ora bisa endha saka takdire.
- Padhajayanya tegese nyawijekake jat sing menehi urip (Gusti) lan sing diwenehi urip (makhluke Gusti).
- Magabathanga duweni teges samubarang sing diprentahake lan dipenging Gusti Kang Maha Agung.
Intine, manungsa kudu pasrah, sumarah ing garis kodrat, sanajan diwenehi hak kanggo wiradat, lan usaha kanggo nanggulangi.
Iki lagi saka salah siji versi, menawa ana versi liyane bisa kanggo pambandhing lan nambahi kawruh. (mg1/nda)
Editor : Satmiko Supraptono