Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Pandhe ing Desa Sanggrahan, Kebonagung, Pacitan, Banjir Pesenan Peso kanggo Mbeleh Kewan Kurban

Satmiko Supraptono • Minggu, 2 Juni 2024 | 17:00 WIB
PANEN: Suparnen, pandai besi di Desa Sanggrahan, Kebonagung, Pacitan, merndapat berkah Idul Adha. (NUR CAHYONO/RADAR PACITAN)
PANEN: Suparnen, pandai besi di Desa Sanggrahan, Kebonagung, Pacitan, merndapat berkah Idul Adha. (NUR CAHYONO/RADAR PACITAN)

PACITAN, Jawa Pos radar Madiun – Ora akeh pandhe (pandai besi) tradisional sing isih eksis neng Kabupaten Pacitan. 

Saka sing sithik kuwi, salah sijine Suparnen, pandhe ing Dusun Krajan, Desa Sanggrahan, Kecamatan Kebonagung.

Tapak palune pandhe umur 65 taun iki nuthuki bakal piranti saka wesi sing diobong nganti mengangah.

Maneka piranti wesi kuwi banjur dicelupake menyang banyu kanggo ngadhemake. Proses iki dibaleni kopang-kaping.

‘’Pungkasane, piranti wesi kuwi banjur digrinda mesin supaya alus lan landhep,’’ kandhane wingi (30/5).  

Suparnen ora ana sing ngrewangi utawa ora duwe karyawan. Biasane, wong sing pesen piranti melu ngrewangi.

Wiwit ngobong wesi, nuthuki lempeng wesi panas, lan nggrinda nganti setengah dadi sadurunge dirampungake Suparnen.

‘’Merga aku wis tuwa, tenagaku wis saya suda. Yen ana wong pesen tak jaluki tulung ngrewangi,’’ jarene. 

Dheweke sedina mung bisa nggawe peso lima nganti pitu. Nanging uga nampa pesenan utawa garapan piranti wesi liyane.

Wiwit piranti pertanian, kaya arit, pacul, bendho lan liya-liyane. Sing paling akeh arit lan bendho.

Nyedhaki Idul Adha iki dadi berkah kanggo Suparnen. Merga pesenan peso saya akeh, kususe kanggo mbeleh kewan kurban.

Peso pawon sing dawane 15 sentimeter didol Rp 30 ewu lan peso kusus kanggo mbeleh kewan kurban Rp 100 ewu nganti Rp 300 ewu.

Jalaran ahli lan trampil mandhe wesi dadi maneka piranti, Suparnen kondhang ing sakubenge kecamatan Tulakan lan Kebonagung.

Uga merga dianggep njaga tradisi amrih tetep lestari, anake Suparnen oleh beasiwa saka Bupati Pacitan Indrata Nur Bayuaji.

Anake dikuliahake ilmu kriya ing Fakultas Seni Rupa dan Desain Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta. (hyo/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#pandai besi #pacitan #Kebonagung #bupati pacitan #tradisional