Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Ama Tikus Ngrusak Atusan Hektare Sawah neng Ngawi, Iki sing Bisa Ditindakake Pemerintah Desa

Satmiko Supraptono • Senin, 3 Juni 2024 | 16:00 WIB
ILUSTRASI: Petani neng Kabupaten Ngawi lagi nggarap sawah. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)
ILUSTRASI: Petani neng Kabupaten Ngawi lagi nggarap sawah. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)

NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Ama tikus ndadekake petani pari neng Kabupaten Ngawi mumet merga nyebabake gagal panen.

Miturut cathetane Dinas Ketahanan Pangan dan Pertanian Kabupaten Ngawi, saora-orane 182 hektare sawah rusak merga serangan tikus. 

Cathetan iki wiwit Januari nganti Mei 2024 iki. Yen ditotal pari asil panen sing ilang saora-orane 1.456 ton.

Kuwi yen dietung kira-kira saben hektar asilake paling sithik wolung ton gabah kering panen (GKP).

Sumarno, salah iji petani ing Desa Ngompro, Kecamatan Pangkur, ngarep-arep ana solusi sing cocog.

Iki minangka upaya nyegah cara-cara praktis para petani sing masang jebakan tikus nganggo setrum listrik lan mbebayani.

‘’Yen mung nglarang wae ora cukup tanpa upaya serius kanggo mbrantas ama tikus iki,’’ kandhane wingi (2/6).

Miturut Sumarno, kudu ana gerakan bareng-bareng lan masif para petani lan ora mung nggunakake siji cara

Uga nglibatake pihak liyane. Pihak pemerintah desa kudu nganggarake dana desa kanggo ndukung gerakan iki.

Kabid Pemerintahan Desa Dinas Pemberdayaan Masyakat Desa (DPMD) Kabupaten Ngawi Arif Syaifudin ngamini bab iki.

Miturut dheweke, pemerintah desa pancen bisa nggunakake dana desa kanggo gerakan mbrantas ama tikus.

Malah babagan iki wis ana aturane saka Kementerian Desa uga Kementerian Keuangan. Dadi, sah-sah wae.  

Pemerintah desa kudu nganggarake kanggo ketahanan pangan paling sithik 20 persen saka dana desa sing ditampa.

Program ketahanan pangan kuwi salah sijine pemberntasan hama tikus jalaran ana gandhengane karo ketersediaan pangan.

‘’Iki kawenangane saben pemerintah desa, sing penting dimusyarawahake lan miturut aturan,’’ jarene.

Dana desa mbrantas ama tikus contone kanggo tuku obat, konsumsi nalika gropyokan utawa padat karya liyane.

‘’Dadi, pemerintah desa bisa nggunakake dana desa kanggo mbrantas tikus, nanging padat karya,’’ Arif mungkasi katerangane. (sae/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#ketahanan pangan #pertanian #DPMD #ngawi #tikus