MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun - Upaya nertibake pedagang neng njaba Pasar Sayur Magetan (PSM) durung kasil.
Wiwit ditertibake Kemis (23/5) nganti wingi (3/6), kira-kira isih ana welasan pedagang sing ndablek.
Kamangka penertiban iki ditindakake merga panjalukane pedagang neng njero pasar, utamane sing bukak ora miturut jadwal.
‘’Ana 14 pedagang wis kita tegur tertulis kaping pindho,’’ kandhane Kabid Pasar Disperindag Magetan Kiki Indriyani.
Miturut Kiki, sejatine upaya penertiban sing ditindakake kari nyampurnakake sithik wae.
Nanging isih ana pirang-pirang cathetan saka paguyuban pedagang lan Serikat Pekerja Seluruh Indonesia (SPSI).
Jadwal bukak lapak dhasare Berita Acara Nomer: 027/4460/403.115/2021 tanggal 28 September 2021.
Wayahe pedagang esuk wiwit jam 04.00-16.00 lan pedangang bengi wiwit jam 15.00-06.00.
Nyatane, isih ana pedagang bengi sing bukak lapak nganti jam 07.00, paguyuban pedagang njaluk kudu resik jam 06.00.
Kendala liyane, jam 14.00 wis ana bongkar muat dagangan lan sabagean langsung mbukak lapake.
Bab iki, paguyuban pedagang menehi toleransi bukak jam 14.30. Nanging, iki ditulak pihak SPSI.
Jalarane, jasa gendong utawa kuli panggul sambat pangasilane mudhun. Saengga, disperindag perlu rembugan karo paguyuban lan SPSI.
Uga ana usulan supaya masang CCTV lan imbauan elektronik, dadi ora mung masang spanduk peringatan.
Kiki nambahi, yen teguran tertulis kaping telu ora digatekake, tim penertiban bakal tumindak tegas.
Yakuwi, nyita barang dagangane lan menehi skors pirang-pirang minggu minangka efek jera utawa supaya kapok.
Sawetara Ketua Komunitas Pedagang Pasar Sayur Magetan (KP2SM) Gunadi mbiji upaya penertiban wis mlaku.
Jalaran penertiban nglibatake lan kerja bareng paguyuban, disperindag lan SPSI uga jasa angkut barang.
Kabeh padha-padha ngawasi, ngelingake lan uga duwe hak kanggo nglapurake. Nanging, pancen isih ana sing ndablek.
‘’Contone neng sisih wetan, saengga pancen perlu tindakan tegas saka petugas,’’ Gunadi mungkasi kandhane. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono