SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Pingin nyawang pemandangan tlatah Madiun Raya lan sakubenge saka awang-awang?
Bisa klakon waton wani ragat. Carane, nunggang helikopter pariwisata sing disedyakake Kamar Dagang dan Industri (Kadin) Surakarta.
Durung suwe iki Kadin Surakarta ngluncurake paket wisata Solo Raya Heli Tour Experience (HTE).
‘’Masyarakat bisa nyewa helikopter kanggo wisata neng Solo Raya,’’ kandhane Ketua Kadin Surakarta Ferry Septha, Kemis (30/5).
Miturut dheweke, paket iki tujuane pancen kanggo ngangkat destinasi wisata ing Solo Raya lan sakubenge.
Klebu hinterland sakubenge Solo Raya, kaya Salatiga lan Grobogan. Uga Madiun Raya kaya Pacitan, Ponorogo, Magetan lan Madiun.
Ferry nyebutakae wisata nganggo helikopter kapisan wis ana neng Pulau Bali. Solo bakal ndang nyusul.
Iki bakal menehi pengalaman anyar marang wisatawan kanggo ngeksplorasi destinasi wisata lokal.
Diarep-arep uga bakal menehi sensasi anyar wisatawan bisa nunggang helikopter ing tlatah Solo Raya lan Madiun Raya.
‘’Iki uga minangka upaya kita kanggo matutake diri secara infrastruktur darat lan udara,’’ sembung Ferry.
Daryono, pengurus Kadin Surakarta, nambahi yen paket HTE iki kanggo majokake industri pariwisata secara aglomerasi wilayah.
Dadi ora mung Solo Raya, nanging uga nyasar hinterland liyane, kaya tlatah Madiun Raya sing uga duwe objek wisata akeh.
Paket wisata HTE iki nawakake wawasan lan sensasi anyar kanggo nikmati Solo Raya lan Madiun Raya saka awang-awang.
Paket Solo Raya HTE iki wis diluncurake wiwit 26 Mei 2024 kepungkur. Grand opening bakal digelar Juni mengko.
Rega sing ditakawake ing awal launching HTE Rp 2,5 yuta per paket kanggo sepisan wisata.
Paket iki wis komplit. Wiwit saka helikopter khusus wisata, pilot sing duwe jam terbang tinggi uga asuransi penumpang.
Kanggo safety, mung dijatah patang penumpang. ‘’Harapane bisa berdampak kanggo wisata Solo lan sakubenge,’’ Daryono mungkasi katerangane. (ul/nik)
Editor : Satmiko Supraptono