Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | ”Klitih” Madiun Jebule Loro Kadadean, Sanga Tersangkane Bocil, Ngene Katerangane Pulisi

Anggiyan Bayu • Kamis, 6 Juni 2024 | 16:00 WIB
Photo
Photo

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Kasus memper klithih (klitih) Jogja neng Kota Madiun 19 Mei kepungkur kabukak.  

Pulisi wis netetape 11 tersangka ing kadadean neng Jalan Yos Sudarso, Jalan Kalasan, lan Jalan Puspo Warno, kuwi.

Saka 11 tersangka, sanga ing antarane anggota klompok Sakura Madiun. Mirise, sanga tersangka bocah di bawah umur.  

‘’Mung loro sing dewasa,’’ kandhane Kapolres Madiun Kota AKBP Agus Dwi Suryanto wingi (5/6).

Ing kasus sing nyebabake korban pitu luka-luka iki ana rong kadadean lan para pelakune uga saka rong klompok sing beda.  

Kadadean Kapisan

Sakura Madiun nggelar acara anniversary neng Sugar Daddy Cafe Jalan Yos Sudarso lan rampung jam 01.00.

Sawise acara, klompok iki konvoi neng dalan Jalan Yos Sudarso lan pethuk rombongan pengendara pitmontor liya.

Banjur kadadean perang cangkem lan bentrokan. Akibate korban lima luka-luka. Ana tersangka papat, kabeh di bawah umur.

Konvoi Sakura Madiun iki banjur mlebu Jalan Kalasan lan ngrusak salah siji warung sing ana kono.

Ing kadadean pengrusakan iki ana tersangka nem. Siji dewasa lan lima liyane bocil (bocah cilik) alias di bawah umur.

Sawise ngrusak, konvoi iki pecah. Ana sing ngarah menyang tlatah Kabupaten Madiun lan ana sing isih neng Kota Madiun.

Kadadean Kapindho

Ora let suwe sawise aksi klompok Sakura iki, ana serangan klompok liya neng Jalan Puspo Warno, Sogaten, Kota Madiun.

Tersangka ing kasus kaloro iki ngaku balas dendam merga dadi korbane klompok Sakura Madiun.

Ing kadadean iki ana aksi penusukan nganggo senjata tajam (sajam).

Tersangkane loro, dewasa lan bocil, dudu saka Sakura Madiun.

Saka rong kadadean iki, pulisi mung nahan tersangka loro sing wis dewasa, sawetara bocil-bocil kena wajib lapor.

Yakuwi, RFA, 22, warga Desa Karangsono, Kwadungan, Ngawi, sing diduga ngrusak warung neng Jalan Kalasan.

Uga FIE, 19, warga Jalan Soekarno-Hatta, Taman, Kota Madiun, sing nganiaya korban neng Jalan Puspo Warno.

Sawetara pelaku penusukan nganggo sajam neng Jalan Puspo Warno identitase wis dikonangi lan isih diburu.

Bab ketua Sakura Madiun kaseret dadi tersangka, Kapolres kandha yen isih njerokake penyelidikan.

Jalaran saksi iki nganakake acara anniversary sing nekakake atusan wong tanpa izin saka kepolisian.

Kapolres kandha yen ora bakal menehi panggonan klompok apa wae sing nerak aturan neng Kota Madiun.

‘’Wajib ukume ora ana neng Kota Madiun. Yen ana, ya wajib dibubarake,’’ ancamane Kapolres. (ggi/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#klitih #jogja #kapolres #madiun #polres