‘’Kadadean iki diarep-arepake bisa dadi pelajaran, supaya ora ana kadadean meneh sing dialami Kades liyane.’’ (EKO MURYANTO, Kepala DPMD Kabupaten Magetan)
----------
MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Pemkab Magetan resmi memberhentikan sementara Kepala Desa (kades) Ngariboyo Sumadi.
Jalarane, oknum kades iki dadi tersangka dugaan tindak pidana korupsi (tipikor) pengelolaan Dana Desa (DD) 2018-2019.
Kepala Dinas Pemberdayaan Masyarakat dan Desa (DPMD) Kabupaten Magetan Eko Muryanto menehi katerangan bab iki.
‘’Prosese wis rampung, SK pemberhentian sementara Sumadi saka jabatan Kades Ngariboyo wis mudhun,’’ kandhane wingi (11/6).
Miturut Eko, Pelaksana Harian (Plh) Kades Ngariboyo sawetara dicekel sekretaris desa (Sekdes) sing uga anake Sumadi.
Saliyane kuwi, miturut Peraturan Menteri Keuangan (PMK) No 145/ 2023, DD Ngariboyo uga ditahan Pemkab Magetan sawetara.
PMK iki ngatur babagan pemberhentian sementara dana desa yen kepala desa terlibat kasus hukum.
Nanging, kanggo pos anggaran sing vital tetep bakal disalurake supaya rodhane pemerintahan desa terus mlaku.
Uga dipilah sing dadi amanah saka DD ora oleh diendheg. Contone, anggaran operasional telung persen lan ketahanan pangan 20 persen.
Sumadi wis ditetepake minangka tersangka sawise tim penyidik Kejaksaan Neger (Kejari) Magetan nggelar perkara.
Moduse, Sumadi nggawe Spj fiktif kanggo tuku lemah urug lan watu sing digunakake pembangunan gedung serbaguna.
Sumadi diduga ngrugekake negara Rp 209,6 yuta. Saiki Sumadi isih ndhekem neng Rutan Kelas II-B Magetan.
Sumadi dijiret Pasal 2 Ayat 1, 2 dan 3 Juncto Pasal 18 Undang-Undang Tipikor sing ancaman ukumane patang taun penjara.
‘’Kadadean iki diarep-arepake bisa dadi pelajaran, supaya ora ana kadadean meneh sing dialami Kades liyane,’’ Eko mungkasi katerangane. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono