Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Polres Madiun Kota Bakal Nerjunake Ewon Personel Kanggo Ngamanake Suroan lan Suran Agung

Anggiyan Bayu • Sabtu, 15 Juni 2024 | 21:00 WIB
BAKAL DIKAWAL: Rakor mbahas pengamanan Suroan lan Suran Agung ing GCIO Pemkot Madiun wingi (14/6). (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)
BAKAL DIKAWAL: Rakor mbahas pengamanan Suroan lan Suran Agung ing GCIO Pemkot Madiun wingi (14/6). (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Sasi Sura kari ngetung dina. Wis dadi tradisi ing Kota Madiun bakal duwe gawe gedhen.

Yakuwi, Suroan lan Suran Agung sing digelar loro perguruan pencak silat neng Kota Pendekar iki.

Pemkot, TNI-Polri lan pengurus perguruan silat nyoba matengake persiapan, utamane bab keamanane, wingi (14/6).

Miturut Kapolres Madiun Kota AKBP Agus Dwi Suryanto, pihake wis nyusun timeline Operasi Aman Sura 2024.

Wiwit persiapan, apel gelar pasukan lan cipta kondisi prakegiatan. ‘’Kita wis siap ngamanake,’’ kandhane Kapolres.    

Kanggo Suroan, personel cacah ewon kuwi bakal disebar ing 17 titik ing tlatah Kota lan Kabupaten Madiun.

Kegiatan iki uga bakal ditunjang karo mbukak pos pengamanan (pospam) sing kasebar ing 10 titik.

Kanggo Suran Agung, personel bakal disebar ing 15 titik uga panyekatan ing lima gerbang mlebu Kota Madiun.

Ing Suran Agung mengko uga bakal ana rekayasa lalu lintas. Total saka kepolisian ana 1.300 personel.

Kuwi durung klebu personel on call Polres Madiun Kota, BKO Polda Jatim lan saka Korem 081/DSJ.

Agus njaluk perguruan pencak silat menehi rundown, lokasi, lan cacahe peserta kegiatan kanggo disepakati bareng.

Saengga upaya pengamanan bisa mlaku kanthi terukur saka segi kuwantitas uga kuwalitase.

Panitia lan warga perguruan pencak silat uga kudu taat aturan miturut sing direncanakake lan disepakati bareng.

Bakal ana maklumat sing isine sanggup njaga kondusivitas wilayah lan ngendhani kegiatan sing ngancam kamtibmas.

Sawetara Sekda Kota Madiun Soeko Dwi Handiarto kandha yen persepsi wis bisa nyawiji. ‘’Insya Allah ending-e aman,’’ ucape.

Pemkot uga wis nyiapake antisipasi. Ing antarane, mrentahake camat lan lurah ngawasi tlatahe dhewe-dhewe.

Sosialisasi uga terus dileksanakake kanggo ndeteksi lan nyegah dini potensi gangguan kamtibmas.

‘’Kita njaluk masyarakat melu aktif njaga Kota Madiun saka samubarang gangguan dan ancaman,’’ Sekda mungkasi kandhane. (ggi/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#suran agung #pemkot #madiun #polres #suroan