JAWA Pos Radar Madiun – Idul Adha sedhela meneh. Dina Riyaya Kaji iki identik karo mbeleh kewan kurban, sapi utawa wedhus.
Wis samesthine yen bakal akeh daging sapi utawa wedhus sing didum-dumake. Uga akeh wong sing bakal olah-olah daginge.
Ora mung daginge nanging uga jeroan lan otak (utek). Kususe utek sapi, bisa diolah dadi masakan sing enak lan sedhep.
Akeh jinis olahan utawa masakan sing bahan dhasare daging sapi utawa wedhus. Nangin utek sapi arang diincer.
Kamangka utek sapi iki sugih gizi. Nanging akeh sing kurang seneng merga bentuke sing kaya utek manungsa lan gandane anyir.
Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, iki tips ngolah utek sapi supaya ora ngganda amis.
- Resiki utek sapi, carane dilap nganggo tisu garing
- Baluri kabeh bagean utek karo peresan jeruk lemon
- Kukus karo rempah, kaya godhong jeruk, salam lan sere
- Rempah iki gunane kanggo nyerot ngganda amise utek sapi
Kuwi pirang-pirang tips supaya utek sapi bisa dikonsumsi tanpa ngganda amis sing ndadekake masakan kurang sedhep.
Utek sapi uga bisa diolah dadi maneka masakan. Salah siji sing umum yakuwi gule. Iki resep lan cara ngolahe.
Bahan-bahan:
- 1 utek sapi utuh
- 2 santen instan 65 ml diencerake karo banyu 1 liter
- Uyah, gula, kaldu jamur
- 2 sentimeter jahe
- 2 sentimeter laos
- 2 batang sere
- 4 godhong jeruk
- 1 asem
Bumbu alus:
- 3 siung kunir dibakar
- 4 wiji miri
- 1/2 sendok tek mrica bubuk
- 3 wiji lombok abang
- 10 wiji lombok belis
Cara ngolah:
- Resiki utek sapi banjur dikukus 15 menit lan iris miturut selera
- Blender bumbu alus, banjur ditumis nganggo lenga goreng
- Campur santen lan bumbu sebar kanggo panyedhep
- Utek sing wis dikukus lan diiris banjur dilebokake
- Yen wis mateng, gule utek sapi siap dihidangake
Iki pirang-pirang tips lan uga resep ngolah utek sapi sing sedhep lan manteb. Wilujeng riyadin Idul Adha. (nda)
Editor : Satmiko Supraptono