JAWA Pos Radar Madiun – Sawang sinawang minangka istilah sing digunakake masyarakat Jawa kanggo mbandhingake kahanane awake dhewe karo wong liya.
Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, kaya ngene iki katerangane.
Filosofine, sawang sinawang kuwi kanggo sinau sukur tumrap apa wae sing kita duweni lan sing diduweni wong liya.
Sawang sinawang uga minangka pangilon, rasa empati utawa ngumpamakake yen kita ana ing posisine liyan.
Sawang sinawang bisa digunakake minangka sarana sinau sukur merga oleh nikmate Gusti sing durung mesthi wong liya uga oleh.
Ing sasrawungan urip saben dinane, konsep sawang sinawang iki duwe maksud lan tujuan sing becik. Ing antarane:
- Tansah Sukur
Tumindak iki supaya manungsa tansah duwe pikiran positip. Sejatine iki tumindak sing gampang, nanging angel dipraktekake.
Ora gelem sukur bakal ndadekake iri lan meri marang liyan. Luwih ala, ndadekake pikiran negatip lan malah ngrugekake awake dhewe.
- Suksese Wong Liya minangka Motivasi
Yen nyawang wong liya sing luwih sukses, luwih becik nyawang kanthi
positip bab kasuksesane wong sing disawang.
Tujuane kanggo motivasi awake dhewe supaya luwih semangat anggone nggayuh kasuksesan kaya wong sing disawang.
- Percaya menawa Rejeki Ora Bakal Kijolan
Kabeh wis diatur Gusti, ana sing luwih lan ana sing cukup. Sanajan mengkono, manungsa wajib golek merga rejeki ora teka dhewe.
Rejeki dudu mung bandha donya. Nanging maneka warna wujude. Wiwit sehat, kalancaran, kabagyan, kabegjan nganti ora kajiret utang.
- Sabar lan Kuwat nalika Nampa Pacoban
Ana werna-werna masalah lan pacobane manungsa. Ana sing kurang bandha donya, lara, keluwen lan musibah liyane sing ngaboti urip.
Nanging, yen gelem sawang sinawang, bakal bisa tetep sabar lan saguh ngliwati kabeh pacobane urip.
Saengga urip luwih tenang. Kudu percaya menawa kabeh minangka skenarione Gusti sing apik lan bakal dadi luwih apik.
- Fokus kanggo Ndadani Awake Dhewe
Konsep kalima paling gampang dilakoni. Fokus marang awake dhewe, diwiwiti nemtokake rencana tujuan urip sing cetha.
Fokus nggayuh tujuan urip tanpa mikir wong liya bakal nambah kapercayaan diri, lan semangat kanggo mujudake tujuan urip.
Dadi, sawang sinawang ngajari kita, kususe wong Jawa, supaya tansah sukur ing samubarang sing kita tampa ing urip iki.
Uga tansah sabar nglakoni pacobane urip. Uga percaya yen pacoban sing katampa durung sepirawa dibandhingake pacobane liyan. (mg1/nda)
Editor : Satmiko SupraptonoSumber : solobalapan.jawapos.com