Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Gamelan Dudu Mung Piranti Tetabuhan, nanging Uga Duwe Filosofi lan Nguwalati, Wani Nglangkahi?

Satmiko Supraptono • Rabu, 19 Juni 2024 | 00:00 WIB

BUDAYA JAWA: Ora oleh nglangkahi gamelan mundhak kuwalat. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)
BUDAYA JAWA: Ora oleh nglangkahi gamelan mundhak kuwalat. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)

JAWA Pos Radar Madiun – Gamelan klebu salah siji seni musik sing wis tuwa umure neng Indonesia, kususe neng tanah Jawa.

Ing kabudayan Jawa gamelan ora mung dianggep piranti tetabuhan kanggo ngiringi tembang utawa tarian, nanging uga duwe posisi kusus.

Piye sejarahe lan apa wae kakususane? Semak katerangan saka laman Solo Balapan sing methik saka pirang-pirang sumber iki.     

Kira-kira wis 10 abad gamelan dadi seni sing diregani banget karo para pelaku (pemain gamelan) utawa panikmate.

Ing Indonesia ana patang corak gamelan. Yakuwi, Sunda, Jawa Tengah, Bali, lan Jawa Timur (campuran Jawa Tengah-Bali).

Sejarah anane gamelan diwiwiti nalika jaman Hindu lan terus ngembang nganti Islam mlebu tanah Jawa.

Loro kapercayaan iki duwe pangaruh sing gedhe ing gamelan. Mula, gamelan uga  diurmati para palakune.

Biyen ing masyarakat Jawa, gamelan minangka sarana kanggo ndedonga marang Gusti Kang Maha Kuwasa.

Malah sabagean masyarakat Jawa uga percaya menawa ora oleh nglangkahi piranti gamelan supaya ora apes.

Para pelaku seni utawa panabuh gamelan uga ora oleh mlaku ngadeg jejeg neng cedhak gamelan, alias kudu ndhodhog.

Gamelan minangka sarana ndedonga, isih tansah diugemi. Salah sijine ditindakake para abdi dalem ing Kraton Solo.

Mula gamelan dianggep piranti tetabuhan sing suci lan sakral sing uga ana kakuwatan liya sing ora katon.

Yen ana sing tumindak ora sopan marang gamelan kraton biasane bakal nemu cilaka utawa apes.

Saliyane gamelan kraton, mitos ora oleh nglangkahi gamelan uga dipercaya para pelaku seni karawitan.

Saliyane nguwalati uga minangka ngurmati wong sing nggawe gamelan sing jinis lan cacahe akeh lan ora gampang iki.

Sabagean masyarakat Jawa, pelaku seni karawitan lan warga kraton uga nganggep gamelan minangka sumber panguripan.

Tingkah laku saben dina didhasari falsafah gamelan. Contone, yen nabuh balungan demung, saron, peking.

Pengrawit sanalika mithet balungan sing bubar ditabuh utawa dithuthuk sadurunge nuthuk balungan liyane.

Tujuane supaya mbengunge balungan kapisan sing bubar dithuthuk ora nganggu swarane balungan aloro lan sateruse.

Maknane, manungsa kudu weruh wayahe omong (wicara) lan wayahe meneng utawa nyemak wicarane wong liya.

Saengga kabangun tepaslira lan pangerten sing ndadekake urip ing sasrawungan luwih temata. (mg1/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#gamelan #hindu #jawa #madiun #Bali #sunda #islam