WARTA JAWA | Kepingin Nyoba? Iki Maneka Jinis Pasa Kajawen, wiwit sing Lumrah nganti sing Ekstrem

Satmiko Supraptono • Dipublikasikan Sabtu, 22 Juni 2024 | 21:00 WIB

ILUSTRASI: Pasa ora mung ngempet luwe lan ngelak nanging uga hawa nepsu. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Pasa ora mung ngempet luwe lan ngelak nanging uga hawa nepsu. (FREEPIK)

JAWA Pos Radar Madiun – Puasa (pasa) miturut agama Islam yakuwi ora mangan lan ngombe wiwit subuh nganti tekan magrib.

Luwih saka kuwi, uga ngempet hawa nepsu wiwit sadurunge srengenge mlethek saka langit wetan nganti ndelep neng langit kulon. 

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, umat agama liya uga ngleksanakake pasa miturut aturane dhewe-dhewe.

Malah nalika agama durung mlebu tanah Jawa, para leluhur masyarakat Jawa uga nindakakake pasa miturut aturan lan kekarepane. 

  1. Pasa Mutih

Ing pasa mutih, ora oleh ngonsumsi apa wae saliyane sing werna putih. Sing oleh dikonsumsi mung sega putih lan banyu putih (wening).

Pasa iki biasane klebu ing ritual sing dawa sing niate supaya bisa nggayuh gegayuhan. Suwene telung dina nganti 40 dina.

  1. Pasa Ngebleng

Jinis pasa iki memper pasane umat Islam. Mung wektune sing luwih dawa, yakuwi 24 jam wutuh. Magrib nganti magrib meneh.

Tujuane nguatake sukma lan jiwa saengga bisa nglunturake nepsu kadonyan. Tujuan liyane supaya bisa nggayuh kakarepan.

Baca Juga: WARTA JAWA | Filosofi Sawang Sinawang, Migunani Tumrap Wong Jawa ing Sasrawungan Saben Dinane

  1. Pasa Pati Geni

Pasa iki meh memper ngebleng. Nanging kudu ditindakake deweken ing njero kamar sing peteng dhedhet tanpa penerangan arupa apa wae.

Sasuwene 24 jam kudu lungguh sila (memper semedi) lan terus ndedonga marang Gusti Pengeran supaya dikabulake panjaluke.

  1. Pasa Ngluwang/Tapa Pendhem

Jinis pasa iki klebu unik lan ekstrem. Saliyane ngempet mangan-ngombe lan hawa nepsu, uga dipendhem utawa dikubur.

Ngubure meh memper mayit, nanging ora saawak kujur. Sing diurugi mung pirang-pirang bagean awak wae.

Ana sing separo awak mangisor ana sing wates gulu mangisor. Tujuane uga minangka tirakat supaya bisa nggayuh kakarepane.

  1. Pasa Weton

Saka pirang-pirang jinis pasa kajawen, pasa weton klebu salah siji sing paling populer ditindakake nganti saiki.

Jalaran pasa iki mung ditindakake selapan (35) dina sepisan, miturut dina (weton) kalairane dhewe-dhewe. 

Pasa iki bisa dileksanakake nganggo rong cara. Kapisan, kaya pasane umat Islam. Subuh nganti tekan magrib.

Kaloro, 24 jam wutuh. Yakuwi saur ing wayah magrib lan buka ing wayah magrib dina sesuke.

Pasa iki migunani, salah sijine minangka tulak balak lan nguatake kaimanan marang Gusti Kang Maha Agung. (mg1/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
Sumber : solobalapan.jawapos.com
weton puasa jawa madiun islam