MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Sasi Juni-Juli klebu mangsa bedhidhing, hawa dadi adhem banget wiwit bengi nganti esuk.
Saking adheme, embun (bun) mbeku dadi es. Kaya sing wis katon ing jalur pendakian puncak Gunung Lawu.
Mula para pendaki sing liwat jalur pendakian saka Cemorosewu, Ngancar, Plaosan, Magetan, dijaluk waspada.
Anane fenomena iki wis kasebar ing media sosial (medsos) kaya Facebook lan Instagram para pendaki.
Miturut Kepala RPH Sarangan Supriyanto, fenomena kaya ngene iki lumrah ing mangsa bedhidhing.
‘’Malah biasane ing sasi Agustus dadi es gedhe. Lumrahe ana wiwit jam 00.00 nganti jam 05.00 esuk,’’ kandhane wingi (21/6).
Supriyanto nambahi bun es ing jalur pendakian Gunung Lawu via Cemorosewu mung bisa ditemahi ing panggonan katamtu.
Tegese, ora ing kabeh jalur pendakian bisa dtemokake fenomena bun es utawa embun mbeku dadi es.
Mula dheweke njaluk para pendaki supaya njaga kaslametan lan nggawa piranti pendakian sing safety.
Biasane, sembunge Supriyanto, bun es bisa ditemokake ing tlatah salore Gupak Menjangan lan sandhuwure Sendang Drajat.
Sawetara Kepala Stasiun Geofisika Kelas III Nganjuk Sumber Harto uga kandha yen saiki lagi mangsane.
Saka lapurane Badan Meteorologi, Klimatologi dan Geofisika (BMKG) ana embun upas (bunes) ing pirang-pirang gunung.
Jalarane suhu udara sing rendah banget ing wayah tengah wengi, saengga bun ing lemah dadi beku.
Mudhune suhu udara sing drastis ing tengah wengi iki merga ora ana mendhung babar pisan.
Saengga, panas bumi metu ing angkasa gedhen-gedhenan. ‘’Proses iki diarani mangsa bedhidhing,’’ kandhane Sumber Harto. (ril/sat)
Editor : Satmiko SupraptonoSumber : Radar Madiun