SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Rong dina tanpa sela Kota Solo, Jawa Tengah, kaganggu aksi tawuran sing nggawe ora jenjeme warga.
Sawise ing kawasan Jalan Veteran, Pasar Kliwon, bentrokan pecah meneh ing Jalan Sumpah Pemuda, Kelurahan Joglo.
Persise neng ngarepe Makam Bonoloyo, Minggu (23/6) esuk uthuk-uthuk. Saora-orane 12 pemuda diamanake pulisi.
Miturut Kasat Samapta Polresta Surakarta (Solo) Kompol Arfian Riski Dwi Wibowo, tawuran kadaden kira-kira jam 02.00.
Tawuran diduga nglibatake anggota perguruan pencak silat lan warga. Tim Sparta Polresta Surakarta langsung nekani lokasi.
Weruh pulisi teka, massa sing bentrok sanalika kocar-kacir. Ngene kronologi kadadeane miturut Arfian.
Nalika konvoi, anggota perguruan pencak silat kuwi pethuk pemuda loro sing ing helme ana stiker perguruan liya.
Anggota perguruan pencak silat kuwi banjur ngiter. Merga wedi, pemuda loro kuwi golek slamet mlebu perkampungan.
Pemuda loro kuwi ditulungi warga. Warga uga ngamanake salah siji anggota perguruan pencak silat sing ngiter.
Anggota pesilat sing diamanake warga kuwi banjur nyebar informasi lewat grup WhatsApp (WA) yen dheweke disandera.
Weruh informasi kuwi, anggota perguruan pencak silat banjur nggrudug perkampungan iki saperlu marani kancane.
Bentrok antarane anggota perguruan pencak silat lan warga ora bisa diendhane. Untunge bisa dileremake Tim Sparta.
Saka kadadean iki, pulisi ngamanake welasan pemuda. Telu saka Kabupaten Karanganyar lan siji saka Kabupaten Wonogiri.
Warga Kota Solo ana wolu sing diamanake. Mirise, para pelaku bentrokan kuwi rata-rata isih di bawah umur.
Pulisi uga ngamanake pirang-pirang barang bukti. Kaya balok kayu siji, sabuk ijo loro, handphone 11 lan pitmontor 15 unit.
‘’Cacah 12 pelaku tawuran digawa menyang Mapolresta Solo kanggo ditindaklanjuti miturut prosedur,’’ Arfian mungkasi katerangane. (atn/wa)
Editor : Satmiko Supraptono