Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Dolanan: Cublak-Cublak Suweng, Wong Jawa Kudu Weruh Makna lan Filosofine

Satmiko Supraptono • Rabu, 26 Juni 2024 | 00:00 WIB

ILUSTRASI: Golek bandha donya prayogane ngutamakake ati nurani kang resik. (ANTARA)
ILUSTRASI: Golek bandha donya prayogane ngutamakake ati nurani kang resik. (ANTARA)

JAWA Pos Radar Madiun - Tembang dolanan klebu salah siji sastra Jawa sing duwe makna lan filosofi jero.

Tembang dolanan dadi salah siji sarana dolanan bocah-bocah Jawa. Salah siji sing populer yakuwi Cublak-Cublak Suweng.

Tembang iki kanggo ngiringi dolanan tradisional bocah-bocah Jawa sing saiki wis arang bocah sing weruh.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, tembang iki dianggit Wali Sanga.

Mula duwe makna filosofis sing jero. Uga minangka bagean strategi dakwah Wali Sanga nyebarake Islam ing Jawa.

Sanajan lirike prasaja lan gampang dingerteni, nanging nyimpen makna sing ora katon ing sajrone tembang iki.

Cublak-cublak suweng

Cublak suweng tegese wadhah kanggo nyimpen suweng utawa anting-anting panganggone wanita minangka lambang bandha donya.

Suwenge thing gelenter

Thing gelenter tegese bandha donya utawa bisa uga kabagyan sing ana sakubenge manungsa sing ora kaurus.

Mambu ketundhung gudhel

Tetembungan telu iki tegese wong bodho sing lagi golek bandha nganggo nepsu, mikir awake dhewe lan srakah.

Uga ngalalake kabeh cara tanpa nyawang becik lan alane cara sing dienggo ngolehake bandha donya.

Pak empo lera-lere

Pak empo tegese wong lanang tuwa. Lera-lere artine gedheg ngiwa lan nengen. Maknane, wong tuwa sing kelangan “untu”.

Baca Juga: WARTA JAWA | Wong Jawa Kudu Weruh, Blangkon ora Mung Tutup Sirah nanging Uga Ana Filosofi lan Maknane

Uga bisa wong bodho sing kelangan tujuane urip sanajan sugih, nanging sugihe ora ndadekake kabagyan.

Sopo ngguyu ndhelikake

Maknane, wong sing wicaksana lan ora srakah katon mesem lan sumeleh uga tetep duwe watak meneng utawa anteng.   

Tegese ora melu tumindak ala sanajan urip ing tengah-tengahe  sakumpulan wong-wong sing srakah.

Sir pong dele kopong

Sir tegese ati nurani, lan pong dele kopong utawa kosong. Maknane gambaran ati nurani sing ora ana isine.

Piweling ing tembang dolanan iki, aja nuruti hawa nepsu nalika golek rejeki. Prayogane ngutamakake ati nurani kang resik.

Jalaran ati kang resik bakal luwih gampang nuntun kita nemokake dalan kabagyan ing donya lan akhirat. (mg2/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#sastra #tembang #Cublak Cublak Suweng #jawa #madiun