Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Dolanan: Gundhul-Gundhul Pacul minangka Pitutur Luhur kanggo Para Pemimpin

Satmiko Supraptono • Kamis, 27 Juni 2024 | 00:00 WIB

ILUSTRASI: Sapa wae sing duwe kalungguhan ora bisa sakarepe dhewe. (JAWA POS)
ILUSTRASI: Sapa wae sing duwe kalungguhan ora bisa sakarepe dhewe. (JAWA POS)

JAWA Pos Radar Madiun - Tembang dolanan biasa ditembangake bocah-bocah ing masyarakat Jawa karo dolanan.

Saben tembang dolanan ora mung minangka panglipur, nanging uga minangka pitutur bab tumindak lan budi pakerti.

Salah siji tembang dolanan sing kondhang yakuwi Gundhul-Gundhul Pacul. Apa pitutur sing ana tembang iki?  

Sejatine, tembang iki isine pitutur bab moral, tanggung jawab lan aspek sosial uga supaya tansah ngendhani prilaku sombong.

Jalaran kasombongan bisa ndadekake bubrah lan menehi pangaruh negatif marang wong liya. Ngene jlentrehane:

Gundhul-gundhul pacul-cul gembelengan

Gundhul artine sirah tanpa rambut. Sirah dianggep lambang pakurmatan, sawetara rambut, minangka mahkota sing nggawe endahe sirah.

Lirik iki nggambarake wong sing durung duwe pakurmatan. Pacul, saka ringkesan tetembungan "papat kang ucul".

Tegese, pakurmatan manungsa kuwi manggon ing patang indera, yakuwi mripat, lambe, kuping lan irung.

Yen patang indera kuwi nganti ucul, mula meh bisa dipesthekake bakal ucul uga pakurmatane manungsa.

Gembelengan tegese kagedhen sirah, sombong lan sembrana. Dadi, nggambarake manungsa sing sakarepe dhewe.

Nyunggi-nyunggi wakul-kul gembelengan

Tegese nyunggi tanggung jawab, nggambarake manungsa sing wis duwe kalungguhan minangka pemimpin.

Wakul nggambarake hubungan simbolis antarane masyarakat lan pemimpine sing awujud amanah.

Dadi, lirik iki nggambarake pemimpin sing isih duwe prilaku sakarepe dhewe, sombong lan sembrana.

Wakul ngglimpang segane dadi salatar

Wakul tegese tanggung jawab. Ngglimpang tegese numplek. Iki nggambarake pemimpin sing ora tanggung jawab.

Sega maknane amanah rakyat. Dadi salatar nggambarake kapentingane rakyat sing ora digatekake nganti mawut.

Ringkese, tembang Gundhul-Gundhul Pacul iki minangka pitutur yen pemimpin kudu duwe tanggung jawab marang sing dipimpin. (mg2/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#Sunan #Pacul #tembang #dolanan #Kalijaga #jawa #madiun