Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Dolanan:Jaranan Ngajarake Wong Jawa supaya Ngurmati sing Luwih Tuwa lan Pemimpine

Satmiko Supraptono • Kamis, 27 Juni 2024 | 23:45 WIB

ILUSTRASI: Bocah-bocah padha dolanan jaranan kepang. (DOK. RADAR KEDIRI)
ILUSTRASI: Bocah-bocah padha dolanan jaranan kepang. (DOK. RADAR KEDIRI)

JAWA POS RADAR MADIUN Tembang dolanan minangka sabagean budaya Jawa sing diwarisake turun-tumurun.

Jinis tembang iki ora mung ditembangake bocah-bocah Jawa  nalika dolanan, nanging uga dadi sarana sinau.

Salah siji sing populer yakuwi tembang Jaranan sing nyritakake dolanan tradisional bocah niru tingkahe jaran.

Ing dolanan  iki bocah nunggang jaran-jaranan sing digawe saka gedheg utawa anyaman pring utawa kepang.

Tembang jaranan ngejak bocah-bocah seneng lan nari bareng, saengga bisa madokake  seni musik lan tari.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan ngene lirik lan maknane:

Jaranan jaranan, jarane jaran teji

Sing numpak ndara Bei

Sing ngiring para abdi

Jrek jrek nong, jrek jrek gung

Jrek jrek turut lurung

Gedebuk krincing gedebuk krincing

Thok thok gedebuk jedher

Baca Juga: WARTA JAWA | Pasa Weton, Salah Siji Jinis Pasa Kajawen sing Lumrah lan Gampang Ditindakake, Ngene Tata Carane

Piweling ing tembang iki yakuwi supaya kita hurmat marang wong sing luwih tuwa lan para pemimpin ing urip saben dinane.

Ngurmati wong sing luwih tuwa ora mung bab tatakrama lan unggah-ungguh, nanging uga ngakoni pengalaman lan kawicaksanane.

Semono uga ngurmati para pemimpin kita sing wis njaga katertiban lan kasejahteraane warga sing dipimpin.

Tembang iki ngajarake kita bab pentinge rasa hurmat lan ngregani hirarki utawa posisi sing ana ing masyarakat.

Sing numpak ndoro Bei, ndoro Bei nggambarake wong sing duwe kuwasa utawa otoritas luwih dhuwur ing masyarakat.

Ndoro Bei uga minangka simbol saka wong sing duwe pangaruh lan posisi penting sing dihurmati.

Sawetara jaran, identik karo kewan sing rosa lan wani. Karakter iki nggambarake pentinge urip bebarengan ing masyarakat.

Wani lan semangat juang sing diduweni jaran ngajarake kita bab pentinge ngadepi tantangan karo tekad sing kuat.

Ora kalah penting, kajujuran sing digambarake jaran dadi teladan nalika nglakoni urip saben dinane karo integritas.

Iki sithik katerangan bab makna saka tembang dolanan Jaranan. Muga bisa nambahi wawasan lan kawruh kita. (mg2/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#tembang #dolanan #budaya #jawa #madiun #jaranan