JAWA POS RADAR MADIUN - Tembang dolanan tradisional ing masyarakat Jawa sing judule Menthog-Menthog isih lestari.
Saliyane ditembangake karo dolanan, tembang iki diaransemen meneh kanggo ngiringi tarian Jawa klasik utawa modern.
Kepethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, tembang iki nyimpen piweling supaya kita mawas diri.
Karakteristik menthog sing didadekake sanepan ing tembang dolanan bocah-bocah iki yakuwi watak ala, keset lan seneng turu.
Nanging uga duwe watak sing becik lan migunani marang liyan, yakuwi nglipur lan nggawe wong liya bisa ngguyu. Iki lirik lan maknane:
Menthog-menthog, tak kandhani
Maknane, manungsa minangka makluk sosial kudu nasihat-nasihati ing kabaceikan marang liyan, dadi teladan, lan seneng gotong royong.
Mung solahmu angisin-isini
Tegese, manungsa prayogane ngendhani tumindak lan watak sing mirangake awake dhewe, kulawarga lan bangsane.
Jalaran, karakter manungsa bisa disawang saka tatakrama lan unggah-ungguh nailka tumindak lan wicara.
Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae
Ana kandhang wae nggambarake wong sing arang metu saka omah lan arang sasrawungan karo tangga lan kanca.
Mula, manungsa proyogane duwe karakter seneng gotong royong, duwe kapredulian, lan sasrawungan sosial sing kuat.
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Iki nggambarake watake manungsa sing wegah sinau lan ora gelem nyambut gawe, anane mung aras-arasen.
Mula, manungsa kudu mandiri, sregep, konsisten, semangat, lan kebak dedikasi anggone nggayuh gegayuhan.
Menthog-menthog mung lakumu megal-megol dadi guyu
Piweling ing tetembungan iki yakuwi pentinge kapredulian marang wong liya sing ana sakubeng kita.
Jalaran sanajan duwe kakurangan, prayogane terus ngupayakake supaya dadi manungsa sing migunani marang liyan.
Merga sabecik-becike manungsa mesthi duwe ala. Kosok baline saala-alane manungsa mesthi duwe kabecikan. (mg2/nda)
Editor : Satmiko Supraptono