Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Dolanan: Kidang Talun Nyritakake Kidang, Tikus lan Gajah, Ngene Maknane

Satmiko Supraptono • Sabtu, 29 Juni 2024 | 22:00 WIB

ILUSTRASI: Kidang minangka gambaran watak sabar lan ara sembrana. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Kidang minangka gambaran watak sabar lan ara sembrana. (FREEPIK)

JAWA POS RADARL MADIUN - Tembang dolanan minangka salah siji wujud kaarifan lokal uga kreativitas masyarakat Jawa.

Saben tembang ana critane lan piweling sing diwarisake saka generasi menyang generasi sabanjure kanggo dilestarekake.

Salah siji tembang dolanan sing lirike prasaja nanging nyimpen makna sing jero banget, yakuwi Kidang Talun.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, ngene lirik lan makna tembang bab kidang, tikus lan gajah iki:

Kidang talun…

Mangan kacang talun

Mil kecemil, mil kecemil

Si kidang mangan lembayung

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Dolanan Jaranan, Ngajarake Wong Jawa supaya Ngurmati sing Luwih Tuwa lan Pemimpine

Tikus pithi…

Duwe anak siji

Cicit cuit, cicit cuit

Maju perang wani mati

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Dolanan Gundhul-Gundhul Pacul minangka Pitutur Luhur kanggo Para Pemimpin

Gajah belang…

Saka tanah mlembang

Nuk legenuk, nuk legenuk

Gedhene meh padha gunung

Baca Juga: WARTA JAWA | Wong Jawa Kudu Weruh, Iki Makna lan Filosofine Tembang Dolanan Cublak-Cublak Suweng

Ing tetembungan Mil kethemil, mil kethemil, si kidang mangan lembayung, piwelinge supaya yen mangan alon-alon lan sithik-sithik.

Kidang nalika mangan godhong kacang alon-alon nggambarake supaya kita duwe watak kang sabar lan ora sembrana.

Ing tetembungan Maju perang wani mati nyritakake  tikus cilik sing wani perang sanajan duwe anak.

Iki nggambarake kahanan angele wong cilik sing kudu marsudi supaya panggah urip lan ora gampang nyerah.

Ing tetembungan Nuk legenuk, nuk legenuk, gedhene meh padha gunung nggambarake gajah gedhe sing lakune alon.

Maknane, sanajan kita akeh rejeki panggah perlu waspada lan ati-ati uga wicaksana ing saben tumindak sing kita jupuk.

Watak iki uga penting kanggo ngendhani salah sing  bisa ngrugekake awake dhewe lan wong liya.

Inti saka tembang dolanan Kidang Talun iki, supaya kita duwe watak sabar, ora gampang nyerah, waspada lan wicaksana anggone nggayuh gegayuhane urip. (mg2/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#tembang #kidang talun #dolanan #jawa #madiun