Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Dolanan: Suwe Ora Jamu, Maknane Ngadhepi Kasunyatan sing Ora Cocog karo Angen-Angen

Satmiko Supraptono • Minggu, 30 Juni 2024 | 22:00 WIB

ILUSTRASI: Maneka jinis jamu sing nginspirasi tembang dolanan Jawa. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Maneka jinis jamu sing nginspirasi tembang dolanan Jawa. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUN – Saka pirang-pirang tembang dolanan bocah Jawa, tembang Suwe Ora Jamu klebu familiar.

Malah tembang iki uga dipopulerake penyanyi keroncong kondhang ing Indonesia, yakuwi Waljinah.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, iki makna sing ana njerone tembang iki.

Lirik tembang Suwe Ora Jamu sejatine bab kasedhihan. Nyritakake wong loro sing wis suwe ora pethuk.

Kudune, yen pethuk bakal munculake kabagyan. Nanging nyatane malah nggawe kuciwa lan ngabot-ngaboti pikiran.

Makna tembang iki uga nggambarake rasa kangen, nanging nalika pethuk  malah dadi nglarakake.

Tembang Suwe Ora Jamu ngajarake kita menawa lakune urip ora mesthi cocog utawa padha karo angen-angen kita.

Mula, nalika ngadhepi kahanan sing ora trep karo pangarep-arepan, kita dijaluk ora nemen-nemen anggone kuciwa.

Saliyane kuwi, tembang iki uga nginspirasi kita tansah supaya ngadeg jejeg sanajan ngadhepi kagagalan lan rasa kuciwa.

Iki lirike tembang dolanan Suwe Ora Jamu:

Suwe ora jamu mas

Jamu godhong tela

Suwe ora ketemu

Temu pisan gawe gela

Baca Juga: WARTA JAWA | Wong Jawa Kudu Weruh, Iki Makna lan Filosofine Tembang Dolanan Cublak-Cublak Suweng

Suwe ora jamu mas

Jamu godhong meniran

Wis suwe ora ketemu

Temu pisan dadi pikiran

Kurang luwih kaya ngono kuwi makna ing sajroning tembang dolanan Suwe Ora Jamu. Piye miturutmu? (mg2/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#tembang #suwe ora jamu #dolanan #jawa #madiun