Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Atusan Hektar Sawah neng Kecamatan Paron, Kabupaten Ngawi, Kaancam gagal Panen, Iki Jalarane

Satmiko Supraptono • Senin, 1 Juli 2024 | 16:00 WIB
JEBOL MENEH: Dam sungai di Desa Kedungputri, Kecamatan Paron kembali jebol pekan lalu. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)
JEBOL MENEH: Dam sungai di Desa Kedungputri, Kecamatan Paron kembali jebol pekan lalu. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)

NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Atusan hektar sawah neng Kecamatan Paron, Kabupaten Ngawi, kaancam ora oleh banyu.

Jalarane, tanggul dam ing Desa Kedungputri, Kecamatan Paron, jebol meneh Jemuwah (28/6) wingenane.

Tanggul iki jebol merga katerak banjir kiriman saka Gunung Lawu. Kamangka, tanggul iki uga wis jebol ing mangsa rendheng wingi.

Kadadean keri iki uga nyababake tebing sing dawane 20 meter longsor lan materiale nyemplung kali.

Uga nyababake wit-witan lan cagak listrik ambruk. ‘’Miline banyu deres banget,’’ kandhane Warsito, warga kene, wingi (30/6).

Miturut dheweke, wis kaping pindho pihak desa, petani, lan masyarakat ndandani tanggul nalika mangsa rendheng wingi.

Nanging tanggtul darurat saka bronjong watu lan karung isi wedhi kuwi ora sanggup nahan derese banjir.

Dampake, atusan hektar sawah petani ing patang desa sa-Kecamatan paron kaancam ora oleh banyu irigasi.

Kali Ketonggo iki, sembunge, mili menyang patang desa ing Kecamatan Paron. Merga dam jebol, banyune kabuwang.

Kadadean iki, ndadekake para petani kuwatir merga saluran irigasi mati. Apameneh saiki wis mlebu mangsa ketiga.

Mula para petani ngarep-arep ndang didandani merga Kali Ketonggo iki minangka salah siji sumber irigasi.

Petani uga kuwatir gagal panen merga sawahe kakurangan banyu. ‘’Muga-muga ndang didandani,’’ jaluke.

Sugianto, petani saka Desa Tempuran, Kecamatan Paron, nganti nekani lokasi dam merga irigasi ing sawahe macet.

Dampake ora mung irigasi kanggo sawahe, nanging uga ana 90 hektar sawah ing dusune sing kaancam kurang banyu.

Apameneh umure parine lagi seminggu, wayahe mbutuhake banyu akeh. Iki sing ndadekake para petani mumet.

‘’Yen ora ndang didandani atusan hektar sawah kaancam gagal panen jalaran kurang banyu,’’ jarene. (sae/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#jebol #Paron #ngawi #irigasi #dam #gunung lawu