Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Sasi Sura, Bakul Kembang Setaman neng Kota Madiun Panggah Nggeget Driji, Iki Jalarane

Satmiko Supraptono • Senin, 1 Juli 2024 | 20:00 WIB
ILUSTRASI: Bakul kembang setaman neng Kota Madiun durung bisa panen meneh. (ANTARA NEWS)
ILUSTRASI: Bakul kembang setaman neng Kota Madiun durung bisa panen meneh. (ANTARA NEWS)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Sasi Sura kari ngetung dina, nanging bakul kembang setaman (bunga tabur) ing Madiun bakal panggah nelangsa.

Sejatine ing taun-taun sadurunge sasi Sura dadi mangsa panen, nanging taun iki dipesthekake isih nggeget driji.

Neng Kota Madiun saben sasi Sura ana gawe gedhen Suroan lan Suran Agung sing digelar perguruan pencak silat.

Salah siji ritual sing wis dadi tradisi yakuwi nyekar ing pasareane para leluhur lan guru sing ditindakake ewon anggotane.

Nanging, ing sasi Sura taun iki kagiatan nyekar utawa jiarah isih durung diijini meneh karo aparat keamanan kene.    

Keri dhewe, tradisi nyekar sing diijini nalika sasi Sura taun 2020 utawa sadurunge pageblug Covid-19 kepungkur.

Miturut Kapolres Madiun Kota AKBP Agus Dwi Suryanto, sasuwene sasi Sura iki (1 Juli-15 Agustus), acara nyekar ora diijini.

Kawicaksanan iki dhasare surat edaran (SE) sing wis dilayangake marang kabeh perguruan pencak silat neng Madiun.

Mula dheweke njaluk para pengurus, panitia, lan petugas pengamanan internal perguruan pencak silat ngugemi paugeran iki.

‘’Ayo bareng-bareng mujudake Suroan lan Suran Agung sing aman, nyaman lan damai,’’ kandhane wingi (27/6).

Persiapan pengamanan sing nglibatake kabeh jajaran polres sa-Korwil V Polda Jatim lan perguruan pencak silat wis dimatengake.

Malah ing rapat koordinasi (rakor) sing keri uga wis diteken Maklumat Suro Damai, saengga kudu dileksanakake.

Ana 14 poin sing disarujuki lan disepakati ing maklumat iki. Ing antarane, ora oleh nganakake kagiatan sing bisa mancing konflik.

Pihake bakal nerjunake 1.250 personel gabungan ing Operasi Aman Suro 2024 wiwit tanggal 5 nganti 24 Juli.

Pihake uga njaluk panitia lan petugas pengamanan internal perguruan pencak silat ora mung fokus ing kagiatane.

‘’Nanging, uga kudu ngamanake anggota perguruan pencak silate dhewe-dhewe,’’ welinge Agus.

Sawetara Danrem 081/Dhirotsaha Jaya (DSJ) Kolonel Inf Rama Pratama mesthekake yen jajaran TNI bakal back-up Operasi Aman Suro 2024.

Pihake bakal ngerahake pasukan saka Batalyon Infanteri (Yonif) 511/Badak Hitam, Blitar.

‘’Saliyane kuwi, personel jajaran Korem 081/DSJ wis mesthi bakal dilibatake ing pengamanan,’’ kandhane Danrem. (ggi/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#kembang setaman #pencak silat #korem #sura #madiun #polres #nyekar