Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Dolanan: Blimbing ing Ilir-Ilir minangka Gambaran Rukun Islam lan Salat Limang Wektu

Satmiko Supraptono • Selasa, 2 Juli 2024 | 00:00 WIB

ILUSTRASI: Woh blimbing sing memper bintang pojok lima dadi inspirasi tembang dolanan Ilir-ilir. (DOK. JAWA POS)
ILUSTRASI: Woh blimbing sing memper bintang pojok lima dadi inspirasi tembang dolanan Ilir-ilir. (DOK. JAWA POS)

JAWA POS RADAR MADIUN – Sunan Kalijaga, salah siji wali sanga sing nyebarake Islam ing tanah Jawa. 

Islam diajarake Sunan Kalijaga lumantar adat istiadat lan budaya Jawa tanpa ngilangake inti sariah Islam.

Salah sijine liwat tembang dolanan Ilir-ilir sing dianggit Sunan Kalijaga kira-kira ing abad ka-16 Masehi.

Ing tembang Ilir-ilir iki, Sunan Kalijaga sengaja nyembungake ajaran Islam lan tradisi Jawa supaya gampang dingerteni.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, ngene lirik lan makna ing tembang Ilir-ilir:

Lir-ilir, lir-ilir tandure wis sumilir

Ilir-ilir tegese tepas-tepas tumrape wong sing kapanasan lan kesel supaya seger meneh saengga siap nampa ajaran Islam.

Tandure wis sumilir artine winihe wis thukul. Iki minangka parumpamaan nalika lagi lair thukule winih wis apik.

Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar

Tak ijo royo–royo nggambarake kahanan masyarakat sing gemah ripah loh jinawi tata tentrem kertaraharja.

Tak sengguh temanten anyar, artine semangate nom-noman minangka generasi bangsa kagambar kaya kabagyane manten anyar.

Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi

Cah angon minangka gambaran wong sing bisa ngendalekake (angon) nepsune dhewe. Uga pemimpin sing bisa nyejahterakake rakyate.

Penekna blimbing kuwi, woh blimbing sing memper bintang pojoke lima nggambarake Rukun Islam lan salat wajib kang lima cacahe.

Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodot ira

Ing lirik (ukara) iki tegese, sanajan lunyu (angel) panggah peneken (leksanakna kewajiban) kanggo ngresike sandangan (ala)-mu.

Dodot ira dodot ira kumitir bedah ing pinggir

Lirik kumitir bedhah ing pinggir, ngelingake menawa tumindak sing ala (rusak) kawitane saka sithik (ing pinggir).

Dondomana clumatana kanggo seba mengko sore

Dondomana clumatana, tegese ndang didandani lumantar tobat marang Gusti Pengeran lan bali ing ajarane agama Islam. 

Seba mengko sore minangka sanepan mengko ing akirat supaya kita siap lan resik saka dosa lalika ana ing donya.

Mumpung padhang rembulane mumpung jembar kalangane

Ukara (lirik) iki ngelingake mumpung isih duwe kalonggaran utawa wektu akeh ing donya kanggo ndandani iman kita.

Ya suraka surak hiyo

Surak tegese seneng merga kasil. Sing nggambarake nalika ninggal donya mengko kanthi husnul khatimah. (mg1/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#wali sanga #tembang #dolanan #Kalijaga #jawa #madiun #islam