Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Mangsa Bedhidhing, Pambudidaya Iwak Koi neng Kabupaten Magetan Ketar-ketir, Iki Jalarane

Aprilita Sari • Rabu, 3 Juli 2024 | 16:00 WIB
WASPADA: Sentra budidaya iwak koi neng Desa Sumberdodol, Kecamatan panekan, Kabupaten Magetan. (APRILITA SARI/RADAR MADIUN)
WASPADA: Sentra budidaya iwak koi neng Desa Sumberdodol, Kecamatan panekan, Kabupaten Magetan. (APRILITA SARI/RADAR MADIUN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Mlebu mangsa bedhidhing peternak iwak koi neng Kabupaten Magetan ketar-ketir. 

Budidaya iwak koi pancen njanjekake. Jalaran, regane miturut minate sing tuku merga hobi. Iwak siji bisa nganti milyaran rupiah.

Sentra budidaya iwak banyu tawa, kususe iwak koi, neng Magetan ana ing Desa Sumberdodol, Kecamatan Panekan.

Yen awan panas banget lan bengi adhem banget ing mangsa bedhidhing ndadekake suhu banyu kolam ora stabil.

‘’Perubahan suhu udara uga nyababake perubahan PH,’’ kandhane Setijo Pudji Rahardjo, pambudidaya iwak koi, wingi (2/7). 

Miturut dheweke, normale iwak koi urip ing lingkungan sing suhune 15 derajat Celcius nganti 26 derajat Celcius.

Perubahan suhu udara sing nyababake perubahan keasaman air (PH), resikone neng kesehatan iwak koi.

‘’Resikone iwak koi dadi gampang kaserang penyakit. Malah bisa-bisa nganti mati ndadak,’’ jarene.

Kanggo ngantisipasi, sembunge, ana teknike. Carane ngatur suhu lingkungan kolam lan oksigen ing njerone banyu.

Bisa uga nyuda banyune supaya sinare srengenge bisa nembus ing njerone utawa nganti dhasare kolam. 

Sawetara Sekretaris Dinas Peternakan dan Perikanan (Disnakkan) Kabupaten Magetan Santi Trisnawati uga menehi tips.

Kanggo iwak konsumsi, ing mangsa bedhidhing kudu sregep nggenti banyune 25 persen saben seminggu pisan.

Uga ngatur pola pakan kanthi nyuda maksimal 50 persen saka kabutuhan iwak saben dinane.

Kanggo iwak koi lan iwak hias liyane, sirkulasi banyu kudu kajaga kanthi apik, klebu kebersihan filtere.

‘’Pasokan oksigen lan pakan bisa disuda miturut  kabutuhane iwak,’’ Santi mungkasi katerangane. (ril/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#magetan #disnakkan #peternak #panekan #koi #sumberdodol