Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Viral, Suket Hias neng Taman Pemuda Soekarno Ngawi Rusak, Iki Jalarane

Satmiko Supraptono • Kamis, 4 Juli 2024 | 16:00 WIB
KALAH: Rumput hias ing Taman Pemuda Soekarno, Ngawi, rusak jalaran suket liar. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)
KALAH: Rumput hias ing Taman Pemuda Soekarno, Ngawi, rusak jalaran suket liar. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)

NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Kondisi suket ing Taman Pemuda Soekarno, Ngawi, viral neng media sosial (medsos).

Jalaran suket (rumput) kusus sing ditandur neng taman ing Jalan Dr Radjiman kuwi kalah karo suket liar. 

Kabid Bina Konstruksi Dinas Pekerjaan Umum dan Penataan Ruang (DPUPR) Kabupaten Ngawi Yesi Widyarti angkat wicara.

Miturut dheweke, DPUPR wis njaluk pihak kontraktor ngresiki, jalaran proyek iki isih dadi tanggung jawabe.

Yesi kandha yen taman sing dibangun taun wingi kuwi isih tahap pemeliharaan pihak kontraktor CV Arumdam Jaya.

Salah sijine pemeliharaan sukete. Pihake njaluk rumput hias sing rusak merga suket liar disulam meneh.

‘’Kita njaluk ditanduri meneh, ana pendampingan saka DLH (Dinas Lingkungan Hidup) Ngawi,’’ kandhane wingi (3/7).

Dheweke nambahi, yen saiki pengelolaan Taman Pemuda Soekarno iki isih tahap pangalihan aset menyang DLH Ngawi.

Malah proses iki wis final neng ruang Sekda Ngawi sawise PUPR lan DLH wis tandha tangan bareng-bareng.

Kabid Tata Lingkungan dan Pertamanan DLH Ngawi Yosef Danni Kurniawan uga melu menehi katerangan

Miturut dheweke, saki DLH Ngawi lagi ndampingi pangolahan Taman Pemuda Soekarno sing ditindake pihak kontraktor.

DLH njaluk suket liar ora mung diresiki nanging dijabut saoyote. Yen suket hiase rusak bisa disulam meneh.

Taman Pemuda Soekarno, sembunge bakal dikelola DLH. Bareng DPUPR administrasi birokrasi wis diliwati.

Mung kari proses ngalihake aset. ‘’Sawetara kanggo saiki kita mung bisa pendampingan,’’ Danni mungkasi katerangen. (sae/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#DLH #DPUPR #pemuda #medsos #ngawi #taman #soekarno