Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Suroan-Suran Agung neng Kota Madiun Dadi Atensi Kusus Kapolda Jatim lan Pangdam

Anggiyan Bayu • Senin, 8 Juli 2024 | 20:00 WIB
SURA AMAN: Kapolda Jatim Irjen Pol Imam Sugianto lan Pangdam V Brawijaya Mayjen TNI Rafael Granada Baay neng Kota Madiun wingi (7/7). (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)
SURA AMAN: Kapolda Jatim Irjen Pol Imam Sugianto lan Pangdam V Brawijaya Mayjen TNI Rafael Granada Baay neng Kota Madiun wingi (7/7). (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Tradisi Suroan lan Suran Agung ing Kota Madiun dadi atensine aparat kaamanan. 

Luwih-luwih saka Kapolda Jatim Irjen Pol Imam Sugianto lan Pangdam V Brawijaya Mayjen TNI Rafael Granada Baay.

Minggu (7/7), loro panggedhe ing Jawa Timur kuwi teka neng Kota Madiun kanggo ngecek langsung neng lapangan.  

Miturut Kapolres, personel kabagi ing plotting pam (pengamanan) lan patroli. Klebu pejabat operasi.

Kira-kira 1.500 personel gabungan diterjunake kanggo ngamanake tlatah Kota Madiun sasuwene sasi Sura.

Cacah iki durung klebu 1.000 personel sing siaga ing pirang-pirang titik ing tlatah tangga Kabupaten Madiun.

Pengamanan internal saka organisasi perguruan pencak silat uga dilibatake. Kaya Pamter PSHT lan Korlap PSHW TM.

Kabeh bakal ngayahi tugas  sasuwene 5–24 Juli utawa ssasuwene pelaksanaan Operasi Aman Suro 2024.

Saliyane jaga ing lokasi kegiatan, sabagean petugas uga patroli, ngawal lan sweeping kagiatan sing duwe potensi konflik.

Perguruan pencak silat ora oleh nglumpukakae lan nekakake massa ing Kota Madiun ing acara loro iki.

Agus njaluk kabeh pihak sing duwe tanggung jawab wajib ngugemi Maklumat Suro Damai 2024.

 ‘’Kita ngarep-arep stiuasi kondusif nganti Operasi Aman Suro 2024 rampung,’’ Agus mungkasi katerangane. (ggi/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#suran agung #tradisi #kapolres #madiun #pangdam #suroan #kapolda