KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Sabagean masyarakat Jawa percaya lan nganggep Sura minangka sasi sing istimewa.
Mula ora sithik masyarakat Jawa lelaku tirakat ing sasi kapisan ing pananggalan Jawa iki minangka sarana mawas diri.
Maneka warna wujude tirakat minangka wujud sukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa sing wis maringi nikmat setaun wingi.
Uga nyeyuwun lan ngare-ngarep supaya kahanan ing taun iki luwih apik samubarange tinimbang taun sadurunge.
Saka maneka warna cara tirakat, salah sijine munggah gunung supaya tansah eling marang Gusti kang nyipta alam iki.
Ing tlatah Madiun Raya, Gunung Lawu dadi favorite para pendaki sing sengaja lelaku tirakat ing sasi Sura.
Sejatine, uga ana Gunung Wilis. Nanging pancen durung populer tumrape para pendaki lelalu tirakat.
Mula lumrah, yen ing sasi Sura iki gerbang pendakian Gunung Wilis ing Desa/Kecamatan Kare, Kabupaten Madiun, sepi.
‘’Malah rada rame ing minggu-minggu kepungkur,’’ kandhane Ketua Base Camp Kare Eco Adventure Johan Ariesta wingi (9/7).
Sing ana mung rombongan diklat saka salah siji SMA ing Kota Madiun lan komunitas runner sing cacahe mung puluhan.
Ing malem Sura wingi uga mung ana rombongan loro pasangan suami-istri saka Malang lan Surakarta, Jawa Tengah.
Kabeh pendaki, sambunge, uga para pecinta alam alias dudu pendaki sing lelaku tirakat ing sasi Sura.
Kahanan kaya ngene iki ora mung ing sasi Sura 2024 iki, nanging uga ing taun-taun sadurunge.
Jalarane, pendakian jalur Kare iki biasane pancen digunakake kanggo para pendaki pecinta alam.
‘’Yen gerbang pendakian Gunung Wilis kanggo sing lelaku tirakat ing sasi Sura biasane saka Nganjuk,’’ jarene.
Sejatinya, sensasi pendakian Gunung Wilis via Kare iki ora kalah endah dibandingkake lokasi liyane.
Ing Puncak Lima Trogati sing dhuwure 2563 mdpl kagelar gugusan pagunungan lan pabukitan sing amba banget.
Ing lokasi iki, pendaki uga bisa camping lan nikmati pemandangan sing ana sawise ndaki liwat jalur sing akeh tantangane. (odi/sat)
Editor : Satmiko Supraptono