Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Wegah Kacolongan, Polres Ngawi Ngencengi Pangamanan Tapel Wates Jawa Timur-Jawa Tengah

Satmiko Supraptono • Kamis, 11 Juli 2024 | 16:00 WIB
DIKENCENGI: Petugas Polres Ngawi ngecek kendaraan ing  perbatasan Ngawi-Sragen. (POLRES NGAWI)
DIKENCENGI: Petugas Polres Ngawi ngecek kendaraan ing perbatasan Ngawi-Sragen. (POLRES NGAWI)

NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Kaamanan Tapel wates Jawa Timur lan Jawa Tengah neng Kabupaten Ngawi dikencengi.  

Utamane mlebu sasi Sura wiwit tanggal 9-15 Juli mengko. Panyekatan ditindakake ing tlatah Kecamatan Mantingan.

Iki minangka ngantisipasi panggumbira pangesahan warga perguruan pencak silat saka Sragen, Jawa tengah, menyang Kota Madiun.

Miturut Kapolres Ngawi AKBP Argowiyono, kagiatan iki minangka upaya njaga katertiban lan kaamanan ing tlatah perbatasan.

Utamane nyegah konvoi massa sing duwe potensi mancing gangguan kaamanan lan katertiban masyarakat.

Pihake uga nyekat  tapel wates Mantingan kanggo mesthekake kagiatan ing sasi sura aman lan tertib.

Polres Ngawi uga kerja bareng karo pihak Polres Sragen, Jawa Tengah kanggo koordinasi bab pengamanan.

Polres Ngawi uga nyiagakake personel tambahan lan mbukak pos pengamanan ing titik-titik strategis.

Tujuane kanggo ngawasi anane gerakan massa lan nyegah potensi sing bisa ndadekakae konflik antarperguruan pencak silat.

‘’Masyarakat kudu matuhi aturan lan melu arahane petugas kepolisian kanggo kalancarane acara iki,’’ kandhane wingi (10/7).

Baca Juga: WARTA JAWA | Polres Madiun Kota Bakal Nerjunake Ewon Personel Kanggo Ngamanake Suroan lan Suran Agung

Panyekatan diare-arep bisa ngantisipasi potensi gangguan saka pergerakan massa sing ora kakontrol.

Merga anane panyekatan iki,  situasi ing perbatasan Mantingan nganti saiki tetep kondusif. (sae/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#srgaen #jawa tengah #pencak silat #sura #ngawi #jawa timur #polres