Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Nginguk Ponten Ngebrusan, Paturasan Umum Mewah neng Solo Garapane Arsitek Walanda, Ngene Sejarahe

Satmiko Supraptono • Kamis, 11 Juli 2024 | 20:00 WIB
JAMAN BELANDA: Ponten Ngebrusan ing Kestalan, Banjarsari, Kota Surakarta (DOK. SOLO BALAPAN)
JAMAN BELANDA: Ponten Ngebrusan ing Kestalan, Banjarsari, Kota Surakarta (DOK. SOLO BALAPAN)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun Ing Kestalan, Banjarasari, Kota Surakarta (Solo), Jawa Tengah, ana ponten sing unik.

Paturasan umum iki karan Ponten Ngebrusan. Saka wujud bangunane bisa dipesthekake yen umur bangunan iki wis tuwa.  

Paturasan umum mewah iki pancen dibangun kira-kira taun 1936, ing mangsa pamarintahane Mangkunagara VII.

Dheweke njaluk arsitek Walanda (Belanda) Thomas Karsten mbangun panggonan kanggo mandi cuci kakus (MCK) umum utawa ponten.

Paturasan umum iki kaperang dadi telu. Kanggo wong lanang ana ing sisih wetan, kanggo bocah ing tengah lan wanita ing kulon.

Ing sisih kiwa lan tengen ana jedhing (kamar mandi), kudu ngliwati dalan memper labirin yen arep menyang jedhing iki.

Ana pitung pancuran ing saben jedhing lan siji shower gedhe ing bagean tengah saben jedhing.

Jedhing tengen ana kakus loro sing dipisahake tembok. Ing bagean njaba, saben jedhing kasambung menyang sumur. 

Paturasan umum iki tanpa empyak lan lawang. Ponten iki kawitane nganggo sistem aliran banyu mandiri.

Kahanan iki mlaku nganti taun 1959. Nanging wiwit kuwi, paturasan umum iki mung nggunakake banyu sumur.

Pambuwangan banyu saka ponten langsung menyang Kali Pepe sing ana sebrange karo paturasan umum iki.

Ponten iki nate dipugar ing taun 2007 lan ditetepake minangka bangunan cagar budaya ing taun 2013.

Ponten iki minangka bukti yen pamarintahan Mangkunagaran wis nganggep penting sanitasi kesehatan kanggo wargane.

Gara-garane ing taun 1915-1920 nalika kadaden pageblug pes  jalaran bathang tikus saka Stasiun Jebres sing nyebar sakutha.

Sedurunge uga ana pageblug kolera ing kutha iki. Mula Sri Paduka Mangkunegara VII duwe inisiatif bangun paturasan umum.

Saengga pakulinan masyarakat adus, umbah-umbah lan nuras ing Kali Pepe bisa dikendalekake merga anane paturasan umum iki. 

Bangunan sing duwe jedhing pitu lan pancuran utama ing ngarepe iki wujud revolusi hidup sehat masyarakat Jawa.

Jalaran ing wektu  kuwi masyarakat ngandelake kali kanggo adus, umbah-umbah lan nuras saben dinane. 

Saiki, bangunan iki wis ora digunakake meneh jalaran masyarakat wis duwe paturasan dhewe-dhewe. (di)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #Ponten #belanda #madiun #MCK