MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun - Maneka barang bukti (BB) dimusnahake Kejaksaan Negeri (Kejari) Magetan.
Wiwit narkoba jinis sabu-sabu, obat lan kosmetik tanpa izin edar, minuman keras (miras), nganti telpon seluler (ponsel).
Miturut Kepala Kejari Magetan Yuana Nurshiyam, BB iki saka perkara sing wis inkrah utawa duwe kekuatan hukum tetap.
‘’Miturut putusan pengadilan barang bukti iki wis dirampas lan kudu dimusnahake,’’ kandhane wingi (11/7).
Saliyane kuwi, pamusnahan BB iki supaya ora disalahgunakake pihak-pihak sing ora tanggung jawab.
Uga kanggo ngantisipasi efek panggunaan barang mbebayani sing ora adhedhasar fungsi lan kagunaane.
Kajari uga kandha yen ing setaun pihake musnahake BB ping pindho lan pelelangan uga ping pindho.
BB sing dimusnahake iki saka 41 perkara. Yakuwi 18 perkara orang dan harta benda (oharda).
Uga 10 perkara tindak pidana umum liyane, 8 perkara kamnegtibum lan 5 perkara narkotika.
BB bukti sing dimusnahake arupa 2,58 gram sabu-sabu, 26 kothak jamu merek Tanduk Rusa lan 6 kothak obat kuat merek Hajar Jahanam.
Uga 22 botol lotion malam, 7 botol body soap pink, 9 botol hand body siang utawa whitening super lan 10 botol miras.
‘’Saliyane pamusnahan kita uga ana pelelangan BB, nanging kudu ngenteni putusan pengadilan dhisik,’’ Yuana mungkasi katerangane. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono