JAWA POS RADAR MADIUN – Brem kondhang minangka cemilan utawa jajanan khas Kabupaten Madiun, Jawa Timur.
Nanging uga ana jajanan karan brem sing kondhang minangka salah siji camilan khas Kabupaten Wonogiri, Jawa Tengah.
Sentra produksine ana ing Dusun Tangger Lor, Desa Gebang, Kecamatan Nguntoronadi, Kabupaten Wonogiri.
Ing desa iki kacathet ana 18 industri omahan usaha mikro, kecil dan menengah (UMKM) perajin brem.
Nanging antarane brem Madiun lan Wonogiri utawa Nguntoronadi ana bedane sing nyolok banget.
Kapethik saka laman Solo Balapan, bedane bisa dideleng wiwit saka bentuk utawa wujude, wernane nganti rasane.
Brem Madiun wujude kothak lan wernane putih semu kuning, irisine rada kandel lan rasane legi ana kecut-kecute sithik.
Yen brem Nguntoronadi wujude bunder tipis lan wernane putih resik kaya endhog kalamangga lan rasane akeh legine.
Miturut Singgih Haryanto, salah siji perajin brem neng Nguntoronadi, brem iki wis ana wiwit puluhan taun kepungkur.
Nanging, saweruhe, perajin brem neng dusun iki oleh pembinaan saka pemerintah wiwit taun 1981 kepungkur.
Wiwit kuwi pemerintah menehi ijin usaha lan mbentuk kelompok perajin sing dijenengi Mekarsari.
Mula nganti saiki, para perajin brem ing Dusun Tangger Lor menehi embel-embel Mekarsari ing produke dhewe-dhewe.
Bab pemasarane, para perajin duwe cabang utawa istilahe pengepul dhewe-dhewe ing tlatah Solo Raya nganti Semarang.
Ana uga sing tuku brem langsung menyang omah produksi. Biasane kanggo oleh-oleh lan tukune kilon.
Bab rega uga beda-beda gumantung akehe tukon. Saya akeh tukune regane bisa luwih murah.
Kendala sing kerep diadhepi para perajin brem yakuwi bahan baku ketan sing mundhak dhuwur wiwit akir tahun wingi.
Rega ketan kualitas paling apik sing taun wingi mung Rp 13 ewu per kilogram, saiki mundhak dhuwur.
Kuwi durung klebu bahan baku ragine. Rata-rata sedina, perajin bisa mroduksi 100 kilogram utawa sakintal ketan.
‘’Sadurunge, nalika rega ketan isih murah, bisa mroduksi kaping loro akehe saka saiki,’’ Singgih mungkasi katerangane. (al/fer)
Editor : Satmiko Supraptono