Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Nguri-Nguri Budaya Jawa, Para ASN Pemkab Madiun Nganakake Lomba Dolanan Tradisional

Loditya Fernandes • Sabtu, 13 Juli 2024 | 17:00 WIB
RAME: Para ASN Pemkab Madiun melu lomba balap egrang wingi (12/7). (LODITYA FERNANDEZ/RADAR MADIUN)
RAME: Para ASN Pemkab Madiun melu lomba balap egrang wingi (12/7). (LODITYA FERNANDEZ/RADAR MADIUN)

KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Nguri-nguri budaya lan tradisi Jawa wis dadi kuwajibane masyarakat Jawa.

Mula Pemerintah Kabupaten (Pemkab) Madiun rumangsa perlu menehi conto marang wargane bab iki.

Salah sijine, liwat lomba dolanan tradisional Jawa sing dianakake neng latar Pendapa Muda Graha, pemkab kono, wingi (12/7).

Aparatur sipil negara (ASN) Pemkab Madiun padha antusias lan unjuk katrampilan nalika lomba egrang.

Aksi para abdi negara iki minangka rangkaian saka paringatan Hari Jadi ka-456 Kabupaten Madiun.

Saliyane kuwi uga kanggo nglestarekake dolanan tradisional lan minangka sarana panglipur kanggo para ASN.

Iki miturut Kabid Olahraga Dinas Pariwisata, Pemuda dan Olahraga (Disparpora) Kabupaten Madiun Dedy Hermawan.

Saliyane lomba dolanan balapan egrang, uga dilombakake dolanan balapan bakiak bareng-bareng.

Sanajan mung eksibisi lan ora ana juwarane, nanging ramene panggah krasa. Puluhan ASN antusias melu lomba.

Rata-rata sing kantore neng komplek pendapa. Kaya saka dinas ketahanan pangan dan peternakan (DKPP)

Uga  dinas kependudukan dan pencatatan sipil (dispendukcapil), lan dinas penanaman modal dan pelayanan terpadu satu pintu (DPMPTSP),

Ana uga dinas perumahan dan pemukiman (disperkim) lan liyane. Wingi kuwi pancen mung kanggo ASN ing komplek pendapa.

Lomba dolanan tradisonal iki uga bakal digelar neng komplek pusat pemerintah (puspem) ing Caruban, 19 Juli mengko.

Rencanane neng Alun-alun Reksogati. Pesertane para ASN sing kantore neng komplek puspem.

Sabenere ana limang dolanan tradisonal. Wiwit balap bakiak, egrang, dagongan, bentengan, lan sumpit.

‘’Nanging merga ana kendala alat, dadi ora bisa dimainake kabeh,’’ Dedy mungkasi katerangane. (odi/aan)

Editor : Satmiko Supraptono
#tradisi #dolanan #pemkab #budaya #jawa #madiun