Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Macapat (1): Maskumambang, Gambaran Welas Asih Ibu Marang Anak Wiwit ing Kandhutan

Satmiko Supraptono • Sabtu, 13 Juli 2024 | 22:00 WIB

ILUSTRASI: Ibu ngandhut bayi sing suwene sangang wulan. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Ibu ngandhut bayi sing suwene sangang wulan. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUN – Macapat dudu mung tembang, nanging klebu salah siji karya sastra Jawa sing adiluhung.

Macapat migunani minangka media kasenian kanggo pitutur sing isine kebak makna lan filosofis kang jero banget.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, ngene katerangan cekake. 

Macapat kabagi ing pirang-pirang tembang, lan uga ana urut-urutane sing nggambarake lelakune urip manungsa.

Tembang kasiji Maskumambang. Saka tembung “mas” utawa “emas” lan “kumambang” utawa ngambang.  

Makna saka panggabungan tembung loro iki minangka pralambang bayi sing isih ana kandhutane ibune.

Maskumambang minangka bayi sing urip ngambang ing alam kandhutane sasuwene sangang wulan.

Bayi dianggep “mas” utawa “emas” sing kudu dijaga lan diayomi jalaran regane ora kaetung tumrape ibu.

Ing tembang Maskumambang bayi uga diibaratake kaya kertas sing isih putih resik utawa durung ana tulisane.

Mula yen ditulisi nganggo mangsi abang dadine abang lan ditulisi nganggo mangsi biru dadine uga biru.

Mangsi diibaratake pola asuh lan pola didik wong tuwa marang anake wiwit bayi sing bakal nemtokake sipat utawa karaktere.

Mula wong tuwa kudu pinter lan trep anggone ndhidhik anak supaya apik, pinter, jujur, lan tansah tumindak kabecikan.

Tumrape anak, kudu tansah ngabekti marang ibu sing  nglairake, ngrumat, lan ndhidhik wiwit isih neng kandhutan.

Tembang Maskumambang duweni swasana welas asih sing nggambarake prasaan lan wigatine ibu marang bayine.

Iki salah siji conto cakepan tembang maskumambang ing Serat Wedhatama:

Dhuh anak mas sira wajib angurmati
Marang yayah rena
Aja pisan kumawani
Anyenyamah gawe susah

Baca Juga: WARTA JAWA | Ing Tembang Dolanan Bocah Jawa Menthog-Menthog Ana Piweling supaya Tansah Mawas Diri

Lirik tembang Maskumambang iki ngajarake anak supaya tansah ngabekti lan ngurmati wong tuwane, kususe ibune.

Jalaran, yen anak nganti wani marang wong tuwane, bisa duweni dampak negatif marang uripe ing tembe mburine.

Iki mung sithik babagan makna tembang Maskumambang sing ana sasambungane karo lelakuke urip ibu lan anak. (mg2/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#macapat #maskumambang #tembang #jawa #madiun