Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Macapat (2): Mijil Duweni Makna Bayi kang Lagi Lair lan Miwiti Urip neng Alam Donya

Satmiko Supraptono • Minggu, 14 Juli 2024 | 22:00 WIB

ILUSTRASI: Bayi sing lagi lair butuh welas asih lan pangayoman wong tuwa. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Bayi sing lagi lair butuh welas asih lan pangayoman wong tuwa. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUN – Isih akeh masyarakat Jawa sing tansah nguri-nguri lan ngugemi kabudayane.

Salah sijine nglestarekake lan nyinaoni Macapat sing ing njerone ana 11 tembang kang nggambarake lelakune urip manungsa.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, ngene katerangan cekake.

Macapat asale saka tembung ‘’maca papat papat’’, tegese maca utawa nembangake saben patang wanda (suku kata).

Saka 11 tembang ing macapat, tembang sing kaloro yakuwi Mijil. Sing tegese wijil, wiyos, raras, medal, lan sulastri sing artine metu.

Prasajane, Mijil duweni arti bayi utawa anak sing lagi dilairake ibune lan wiwit urip ana alam donya iki.

Tembang Mijil nggambarake titik kawitan lelakone manungsa ing donya iki sing isih kebak karingkihan.

Jalaran ringkih, mula butuh peran penting saka wong tuwa ing pangayoman lan welas asih marang anake.

Wong tuwa prayogane bisa ngarahake anake supaya dadi manungsa kang duweni budi pakerti kanthi pitutur, tulada lan pangayoman.

Mijil sarana cara kanggo ngandhakake pesan moral lan pelajaran supaya manungsa kuat lan sabar ngadhepi urip.

Panggambaran makna Mijil ora mung saka asal jeneng utawa tembunge, nanging uga cakepane. Contone:

 

Dedalane guna lawan sekti,

Kudu andhap asor,

Wani ngalah luhur wekasane,

Tumungkula yen dipundukani,

Bapang den simpangi,

Ana catur mungkur.

Baca Juga: WARTA JAWA | Ing Tembang Dolanan Bocah Jawa Menthog-Menthog Ana Piweling supaya Tansah Mawas Diri

Lirik tembang Mijil iki maknane, manawa manungsa kudu duwe sangu ilmu kanggo ngadhepi tantangane urip sing abot.

Nanging, sanajan duwe ilmu kudu tansah duweni sipat andhap asor, ngregani wong liya lan gelem ngalah.

Saengga, nalika kita diwenehi pitutur bakal bisa nampa kanthi ati lila lan legawa tanpa perlu mbantah.

Saliyane kuwi, manungsa kudu ngadohi perkara lan wicara rerasan sing bisa ngarahake menyang babagan kang ala.

Iki pirang-pirang katerangan bab makna lan karakteristik tembang Mijil utawa Macapat urutan kaloro. (mg2/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#macapat #tembang #mijil #jawa #madiun