KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Caruban – Akeh tradisi lan kabudayan Jawa sing nganti saiki tansah diuri-uri.
Salah sijine tradisi panen kapisan sing dianakake para petani neng Desa Metesih, Kecamatan Jiwan, Kabupaten Madiun.
Atusan petani desa kene melu kabeh, Minggu (14/7). Pirang-pirang tumpeng asil bumi lan piranti pertanian dikirab.
Ora lali ndedonga minangka wujud sukur marang Gusti Kang Maha Agung merga oleh kanikmatan asil panen sing mblunthah.
Miturut Ketua Adat Lembaga Desa Metesih Parni, tradisi methil iki budaya leluhur tutun-tumurun minangka wujud sukur.
Jalaran wis kaparingan sumber panguripan liwat upayane para petani lan wiji pari sing diarani Mbok Sri.
Tradisi iki dianakake rutin nalika mlebu mangsa panen. Ritual methil diwiwiti upacara saka pendapa desa.
Banjur mangkat bareng menyang sawah panggonan prosesi methil. Kepala desa nyerahake uba rampe marang pujangga desa.
Para pujangga desa iki sing mimpin upacara methil lan parine banjur dikirab menyang panggonan pasucen.
Ing prosesi iki irang-pirang tumpeng asil bumi, piranti pertanian uga melu kirab lan diiringi kesenian reog.
Supaya masyarakat desa oleh berkah saka Gusti, mula Mbok Sri utawa pari disucekake lan didongani.
Sawise kuwi, parine banjur diserahake kepala desa meneh kanggo digawa menyang panggonan resepsi.
Desa Metesih iki duwe 139 hektar lahan pertanian sing mayoritas ditanduri pari para wargane utawa petanmi kene.
Dikira-kira asil panen wektu iki lumayan apik, antarane wolu nganti sangang ton gabah saben hektare.
Masyarakat ngarep-ngarep kaberkahan saka kagiatan tradisi methil iki saliyane mapag panem raya.
‘’Uga supaya diadohake saka balak bilik bilahi (bebaya lan bencana lama),’’ Parni mungkasi katerangane. (ryu/aan)
Editor : Satmiko Supraptono