JAWA POS RADAR MADIUN – Ing Macapat ana 11 tembang sing mujudake urut-urutan. Urutan katelu yakuwi Sinom.
Apa makna sing kagambar ing tembang Jawa iki? Ngene pethikan saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan.
Tembang Sinom nggambarake mangsa mudha (remaja), mangsa kang endah, lan kebak pangarep-arep uga angen-angen.
Sinom yakuwi godhong sing isih nom. Mula tembang Sinom nggambarake lelakune urip manungsa sadurunge dewasa.
Ing wayah iki, nom-noman lagi nggoleki jati dirine. Saengga munculake tumindak wicaksana lan pingin sinau babagan kang anyar.
Karaktere tembang Sinom iki gagah, pideksa, wicaksana, kekancan lan keramahtamahan utawa tansah seneng.
Tembang Sinom uga duwe struktur persajakan kusus kaya tembang-tembang macapat sing liyane.
Guru gatra ing tembang Sinom ana sanga gatra utawa larik/baris ing saben bait (paragrap).
Cacahe wanda utawa guru wilangan 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, lan 12. Guru lagune yakuwi a, i, a, i, i, u, a, i, a.
Iki conto tembang Sinom ing Serat Wedhatama karyane Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegoro IV:
Nuladha laku utama,
tumraping wong tanah Jawi,
wong agung ing Ngeksiganda,
panembahan Senapati,
kepati amarsudi,
sudane hawa lan nepsu,
pinesu tapa brata,
tanapi ing siyang ratri,
amemangun karyenak tyas ing sasama.
Artine, contonen prilaku utamane masyarakat Jawa, panguasa saka Mataram Panembahan Senopati sing tansah sregep.
Nyuda hawa nepsu kanthi lelaku tapa ing wayah awan utawa wengi, tansah makarya sing ndadekake tentreme sapadha-padha.
Iki maknane lan pirang-pirang conto tembang Macapat Sinom. Wacanen uga tembang Macapat liyane. (mg2/nda)
Editor : Satmiko Supraptono