Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Nikmati Swasana Pasar Jadoel neng Kota Madiun, Rasane Kaya Bali menyang Jaman Biyen

Erlita H • Selasa, 16 Juli 2024 | 16:00 WIB
KAARIFAN LOKAL: Maneka jajanan tradisional ing Pasar Jadoel Kelurahan Ngegong, Kota Madiun. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)
KAARIFAN LOKAL: Maneka jajanan tradisional ing Pasar Jadoel Kelurahan Ngegong, Kota Madiun. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Alas Ronggo Kuning, Kelurahan Ngegong, Kecamatan Manguharjo, Kota Madiun, katon rame Minggu (14/7).

Puluhan lapak jajanan tradisional ngebaki ruang terbuka hijau (RTH) ing sisihe kantor Kelurahan Ngegong iki.

Wiwit gethuk, palapendhem, pecel, bothok, nganti maneka jamu sumadya ing Pasar Jadoel kuwi.

Miturut Lurah Ngegong Ika Kusumaningtyas, pihake pancen kepingin bali menyang swasana jaman biyen liwat jajanan.

Karang taruna lan usaha mikro, kecil dan menengah (UMKM) uga dilibatake. ‘’Ana 30 UMKM,’’ kandhane.

Kanggo nambah swasana jaman biyen uga dianakake praktek mbatik, pojok baca lan dolanan tradisional.

Mangarep uga bakal ditambahi barang-barang antik, kaya sepeda othel lan pameran keris sing digelar saben Minggu ing akir wulan.

Camat Manguharjo Lita Febriana Hapsari nambahi, Pasar Jadoel iki saliyane upaya ngembangake potensi UMKM uga nguri-nguri kaarifan lokal.

Kepala Dinas Tenaga Kerja, Koperasi dan Usaha Mikro (Disnaker-KUKM) Kota Madiun R Andriono Waskito Murti uga ngelem kagiatan iki.

Mangarep, pihake bakal nyurung pasar sing duwe swasana jaman biyen iki ditambahi barang-barang antik.

‘’Supaya UMKM ora mung nyuguhake panganan lan omben,’’ Andriono mungkasi katerangane. (mg1/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#Manguharjo #jamu #madiun #rth #pasar #tradisional